Bantarsari, Cilacap – Kilatan cahaya las pating kemerleb pas ngapak.net teka maring umahé Fuad (32). Bareng karo tekane tim ngapak.net, ana bocah wadon kira-kira umur 6 taun marani Fuad, ngobrol karo Fuad sedela terus bocah kuwe balik maring TPQ sing ora adoh sekang umahé Fuad.
Jebulé, sewulan kiyé umahé Fuad dadi kelas ngaji nggo bocah-bocah TPQ.
“Sewulan kiyé, kelasé tak pindah maring umah. Soalé kawit wingi-wingi mandan agi ora pénak awak. Dadi kelase tek pindah mengumah, saben jam 4 soré, bocah-bocah pada teka maring umah. Nek dina siki, wis ana guru pengganti,” jélasé Fuad karo nata-nata alat lan nyambut ngapak.net kon njagong.
Sempet rikuh, tapi akhire Fuad mbukak obrolan terus crita babagan usaha sabloné. Nang tengah raméné saingan usaha sablon sing tambah pait, Aniful Fuad kuwé nemu inovasi nggo usaha sabloné, kususé sablon plastik.
Ndilalah sekang masalah lokasi nyablon karo wektu nggaringna sablon sing terbatas, Fuad sing mbien nyantri nang Pondok Pesantren daerah Trenggalek kiyé nggawé solusi sing cèrdas nemen, yakuwé mesin conveyor pengering sablon plastik sing wis didol puluhan unit nganti tekan luar Jawa.
Inovasiné Fuad kiyé udu kur alat, tapi jawaban nggo masalah gédhé sing diadepi para tukang sablon, kususé nggo média plastik, sing butuh panggonan amba karo wektu ngeringna sing suwé.
Sekang Santri Nganti Ngrajut Ngimpi Usaha Sablon
Sangang taun Fuad nyantri nang pondok pesantrèn daérah Trenggalek. Taun 2018 dhèwèké kudu balik maring désané merga lara sing ngongkon dhèwèké kudu ngaso nang umah. Selama setaun wis mandan pulih, Fuad mukur bisa dodolan martabak mini nang ngarep TPQ erek umah. Pas wis mandan séhat, dhèwèké terus ngabdi mulang ngaji nang TPQ, kegiatan sing nganti siki tetep lakoni.
Nang masa-masa kuwé, benih impiane sing mbien mulai tumbuh. Kawit tesih nyantri, Fuad wis nyimpen cita-cita mbuka bisnis percétakan utawa sablon.
“Jaman mbiyen nyong ngefans banget karo Dewa 19 pas isih erek karo Gus Dur. Sering tuku kaos, klambi lan akésorise. Nang njero ati, ‘nek nduwé sablon dhéwék kayane ena ya’.” Kenangé Fuad.

Tantangan Sablon Plastik lan Lahiré Sang Inovator
Impiane jebulé kelakon modalé kursus kilat nggawé film sablon, Fuad wani mbuka jasa sablon. Senajan dunia sablon tambah akeh variasi karo akeh métodene, kaya tinta biasa, plastisol, nganti DTF (Direct to Film). Tapi, Fuad milih fokus nang sablon plastik, tapi ironisé, jere Fuad, regané siki tambah “ajur” merga akéhé tukang sablon sing aweh rega murah.
Taunan fokus nang sablon plastik, jebulé suwé-suwé ana akeh tantangan lan kendala, seliane masalah rega, éfiisiènsi wektu lan lokasi nyablon dadi tantangan gédhé nggo dhèwèke, terutama pas nrima pesenan akeh. Sekali nggarap pesenan, Fuad nyablon minimal 1.000 lembar.
“Nek dikerjakna manual, butuh lokasi sing amba nggo ngeringna. Soale nek ora garing maksimal, tintané mélébér lan hasilé ora apik,” jélasé Fuad.
Keterbatasan lahan nang tempat sabloné dadi pemicu utama. Kondisi kiyé gelem ora gelem maksa Fuad kudu golét solusi sing éfiisièn. Lahirlah ide nggo nggawé conveyor pengering sablon.
Mekanisme Lampu lan Kipas: Solusi Cerdas Keterbatasan Ruang
Mesin conveyor pengering gawéané Fuad dirancang nggo ngatasi masalah keterbatasan ruang lan éfiisiènsi wektu. Alat hasil inovasiné kuwé uga kéna dinggo nggo média sablon liyané kaya kain, kertas, lan kardus.
Mekanisme alat kiyé nggunakna panas sekang lampu lan udara sekang kipas angin. Bar plastik disablon manual, lembaraan plastik kuwé dilebokna maring conveyor pengering. Bar ngliwati proses ngeringna karo convéyor, plastik bisa langsung ditumpuk tanpa wedi tinta mélébér utawa lèngkèt.
“Seorane nek karo mesin conveyor, proses pengeringan kuwé bisa dimaksimalna, lan ora butuh lokasi sing amba,” jare Fuad.
Fuad sing uga hobi dolanan drone kuwé sering gawe dokumentasi lan nguplod kegiatan nyabloné nang média sosial. Akhiré, suatu ketika ana pesenan nggo nggawékna mesin conveyor kuwe. Karo ketekunan lan tekad sing kuat, akhire Fuad nyanggupi.
Bisnis Mesin Conveyor sing Melèsat
Ketekunane Fuad siki sending-sending bisa ngasilna. Usaha nggawé mesin conveyor sabloné wis mlaku kurang lewih setaun. Nggo ngrakit utawa nggawe 1 unit mesin conveyor ukuran 4-6 mèter, dhèwèké butuh wektu nggarape sekitar 10-15 dina. Paling ora, nang sebulan Fuad bisa nggawé 2 utawa 3 mesin conveyor.
Rega 1 unit conveyor kiyé, didol mulai sekang Rp 6 juta, tergantung karo spèsifikasi lan ongkos kirim.
Ora kur dienggo dhéwék, inovasin nggawe alat kuwe siki dadi peluang usaha anyar nggo Fuad. Dhèwèké wis nggawé lan adol puluhan unit mesin. Konsumène wis nyebar kang ndi ora. Ora kur nang Pulau Jawa, tapi uga tekan luar Jawa.
Fuad, sang santri, siki dadi inovator sing mbantu para pelaku usaha sablon men bisa nambah produktifitas lan efisiensi wektu nyablon. Ora kakeen omong, akhire sekang kisaeh Aniful Fuad, bisa nggambarna sekaligus mbuktikna, nek keterbatasan bisa nglahirna kréativitas sing dhampake luas.







Your influence, your income—join our affiliate network today!