Sanggar Tari Margasari: Cah Enom Sidareja Ora Ngalor Ngidul, Ning Nggarap Seni Jawa!

Cilacap – Nang pojokan Dusun Warureja, Margasari, Sidareja, ana kabar nyenengi. Bocah-bocah enom kéné ora mukur dolanan HP tok, ning malah padha nguripi budaya Jawa lewat sanggar tari karo karawitan sing diopèni nang Mas Onde.

Awalé mukur saking keluarga, Mas Onde sing seneng Jaranan karo Gendingan awale nglatih keluargané dewek. Ora suwé, idené mlumpat: “Ya wis, ngajak cah sanding umah nen padha sinau tari, men ora ilang kabudayané dewek.” Siki wis ana 15-an siswa saking Bojongsari, Bantarsar, Blundeng nganti Tambaksari sing padha gabung.

“Kelas digawe murah, sing penting isa pada melu. Bocah SD sederajat kang kene malah tak gratisna. Wong mengko ya bakal ngrewangi aku ya wong kene ” celathu Mas Onde karo mesem.

Nang sanggar gie ora mung tari, tapi ana karawitan karo olah vokal. Grup tariné dijenengi Ngudi Laras, terus Campursariné wis mlaku luwih sekang limang taun nganggo jeneng Margolaras.

Ora Mukur Dadi Guyon, Didukung Pegiat Nasional

Riswanto, adik Mas Onde, crita nek gagasan gie bener-bener saka Karangtaruna RT sing wis dadi binaane Djarum Coklat. Sanggar gie ulih support juga support tekab Catur Iswanto, tokoh budaya tingkat nasional.

“Gie asli idené cah enom sing seneng gamelan Karo tari. Awal-awal kakangku sing demen nabuh gamelan terus ana sg kepngin belajar, terus ana sing nyengkuyung, nganti siki dadi isa mlaku,” ujare Riswanto.

Tantangan Penari Lanang Masih Arang

Guru tariné, Bu Fika lulusan ISI Solo, ngomong nek tantangané gedhé ya kue kurangé penari lanang.

“Akeh Wong Lanang ora ana sing minat nari. Wong-wong nganggep nek lanang nari kuwe gemulai. Padahal ora kaya kue, nang Jawa Barat Tegas malah, wong lanang kudu nari karo gerakan lanang, wong wadon karo gerakan wadon, ora isa di nggo sewalike, di omaih mengkone, wong lanang nari kudu gagah.” terangé Bu Fika.

Bu Fika juga nyebut pentingé ngenalana Tari Jalungmas sing asli kab Cilacap, digawe kurang lewih tahun 1996. Ironisé, wong Cilacap dhewé akèh sing ora ngerti. Deweke pengin mblejari bocah kene karo tarian gue.

Due Mimpi Tampil Ning Istana

Mas Onde nduwé target gedhé: dirikna paguyuban seni nang saben kecamatan Cilacap, terus nggarap Tari Jalungmas tekan Istana Negara. Ora mung kue, saben taun kepéngin melu tampil nang Havana Hills.

“Nek legalitas wis rampung, bocah-bocah berbakat kan sanggar kene bakal luwih gampang mlebu panggung nasional,” tandasé Mas Onde.

Dukungan Wis Ana, Ning Isih Setengah Hati

Siki pemerintah desa wis nyaut apik, senajan urung sak pol-polé. Mas Onde ngarep pemerintah bisa luwih kerep ngundang bocah-bocah sanggar nang acara resmi.

Kan sisi murid, sanggar gie dadi nggon sing ora mung kanggo nari, tapi juga kanggo bekal urip. “Kegiatan nang kkebe bisa dadi nggo nunjang karir, ora mung nang seni, nanging isa kanggo bekal kerjaan formal lan informal,” tutupé Mas Onde.

Kan dusun cilik nang Margasari, obor seni Jawa urip maning. Cah enom Sidareja wis mbuktikna: budaya ora kudu mandeg, asal ana sing wani nguripi karo gelem nyengkuyung bareng-bareng.(Y)

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

1 Komentar