Cipari, Cilacap – Panas srengenge kaya dilosna wektu kuwe, panase nyelekit nganti nembus kulit, ora umum pokoke. Dina Senen, 7 Oktober 2025 bocahan ngapak.net tekan nang ngarep umah sing sederhana tapi keton pergua nang wilayah Desa Mulyadadi Kecamatan Cipari.
Sekang njero umah, krungu suara mesin jahit gemuruh ketambahan karo suara geguyoné cah-cah sing kerja njait. Nang pojok-pojok ruangan, keton kain perca sing pating mblarah — tandhane Balakosa Clothing lagi kebanjiran orderan.
Zaki Balakosa (40), biasa diceluk kaya kuwe – nyambut karo mesem ramah. Dheweke mbiyèn guru salah siji SMK swasta nang Kecamatan Cipari, tapi siki lagi mlebu babagan anyar nang uripe. Sawisé lolos seleksi PPPK (Pegawai Pemerintah dengan Perjanjian Kerja), saiki Zaki mung ngenteni SK metu, karo terus ngembangna usaha konveksiné.
“Alhamdulillah, aku wis diterima PPPK. Sambil ngenteni SK, ya fokus disit meng usaha kiye. Sekalian nyiapna strategi supaya tetep bisa mlaku pas aku wis kerja ngko-ngkone,” ujare Zaki karo nyetini kacang nang teras umahé sing siki dadi tempat produksi.
Tapi sapa nyangka, Zaki — sing nduweni konveksi “Balakosa Clothing” kie — babar blas ora bisa njait. Kenthir ora?? Dheweke mung nduwé tekad, ide, lan kemauan sing kuat kanggo nyoba. Usaha kiye dimulai kira-kira wulan Juli 2023, sekang niat sederhana, gawe usaha sekaligus mbukak lapangan kerja kanggo wong-wong sekitaré, khususe cah enom. Pancen karyawane akeh sing nom-nom. Saiki, ana sekitar wong 8 sing menggawe nang Balakosa Clothing, wong – wong ndesa sing udu karyawan juga akeh sing kon pada njait nek ulih orderan akeh, dadi kesawaban bisa melu njait.
“Awale aku mung pengin mbantu kancaku sing pinter jahit. Ya wis, tak coba bangun bareng-bareng. Tapi ya ora langsung lancar,” critané Zaki karo mesem tipis. Dheweke ngakoni wis tau nyoba macem-macem usaha sadurungé, tapi kabeh mandheg nang tengah dalan, nganti akhire nemu dalan sing pas neng dunia konveksi.
Ora suwé, suara sepur liwat ora adoh sekang umahé Zaki mecah suasana. Bocahan ngapak.net karo Zaki mandheg ngomong, nunggu nganti sepure liwat. Sewisé kuwe, obrolan diterusna maning.
Siki, pesenan Balakosa Clothing akehe sekang seragam sekolah, mulai SD, SMP, nganti SMA. Seliane kuwe, lembaga pemerintah lan swasta uga wis akeh sing dadi pelanggane, khususe Kecamatan Cipari lan sekitare. Senajan pesenan terus nambah, Zaki ngakoni durung wani mlebu pasaran online.
“Pelanggane rata-rata sekang Cipari lan sekitare, Aku esih manfaatna pasar lokal. Aku uga urung nduwé workshop utawa toko tetep. Fokusé isih nang pesenan, soale pesenan sekang lembaga biasané bayarané telat, nunggu rampung sek. Kadhang wis rampung tapi duwité durung cair,” jelasé karo nada pasrah tapi tetep optimis.
Dheweke nerangna, nek urusan bisnis konveksi kudu wani spekulasi. Kadhang pesenan ora pas karo perkiraan, tapi kuwe ora dadi alangan gedhé. Zaki tetep muter otak, ngatur kepriwe carané supaya usaha tetep mlaku senajan modalé kadang durung bali.
Tekadé siki yakuwe mbangun tempat produksi sing luwih pantes lan nambah jenis usaha anyar, kaya kaos jersey lan sablon DTF. Ora mung kuwe, dheweke juga pengin manfaatna sisa kain perca sing pating mblarah, dadi produk sing nduwé nilai jual.
“Ben kain sisa ora mubazir, tak olah dadi produk liya. Mungkin tas cilik, souvenir, utawa apa baé sing isih ana nilainé,” ujare karo semangat.
Visiné Zaki sederhana tapi maknane jero: nggawe lapangan kerja nggo bocah nom nang desané. Dheweke pengin Balakosa Clothing ora mung dadi usaha pribadi, tapi juga dadi wadah kanggo warga sekitar supaya bisa berkembang lan makmur bareng.
Babagan jeneng “Balakosa” kuwi, dijiot sekang basa Sansekerta sing artiné kekuwatan lan kejayaan — pas karo impiané kanggo masa depan.
“Nek usaha kiye bisa gedhé, otomatis akeh wong sing ketolong. Aku pengin wong Cipari, khususe Desa Mulyadadi kiye ora mung dadi penonton, tapi bisa kerja, berkarya lan berjaya,” ujare karo nada tegas nyambi mangan kacang.
Obrolan akhire kepotong, sebabe ana salah siji réwangé ngundang takon perkara orderan. Zaki langsung menyat mlebu meng ruangan produksi karo mesem.
“Jenengé konveksi, Mas. Orderan ora kena telat, mengko pelanggan kabur,” ujare karo guyon.
Sekang umah sederhana tapi keton megah, Balakosa Clothing alon-alon dadi simbol ketekunan, semangat, lan harapan kanggo terus njahit masa depan sing luwih apik.







Kenthir tmen kuee
nyalon kades lah bos,insyaalloh tek dukung