Cipari, Cilacap – Nang tengah-tengah sumber daya alam sing akeh, inovasi kuwe kunci nggo nambahi nilai ekonomi lan kemakmuran masyarakat. Cocok karo sing dilakoni nang Fatimah, pengusaha enom sekaligus Kasi Pelayanan sing membidangi kegiatan pembinaan lan pemberdayaan masyarakat nang Desa Karangreja, Cipari. Dheweke sukses nggawe lan masarna panganan ringan sing berkualitas, yaiku Udang Crispy karo Ikan Crispy (Kripik Udang lan Iwak).

Sing marekna lewih spesial, produk olahane kuwe nganggo bahan dasar tepung budin sing wis dimodifikasi, utawa sing lewih dikenal jenenge Tepung Mocaf (Modified Cassava Flour).
Kreasine Fatimah kiye ora mung bisnis tok, tapi uga aksi nyata kepriwe carane manfaatna potensi lokal. Soale Desa Karangreja dikenal nduwe kebon budin sing akeh. Akeh bahan baku kiye sing ndorong Kelompok Wanita Tani (KWT) nang desa kuwe ngolah budin dadi tepung mocaf.
Tepung Mocaf kuwe budin sing wis difermentasi. Hasilé dadi tepung sing wernané lewih putih, ora mambu, teksturé alus, akèh seraté, lan bebas gluten, dadi bisa ngganteni tepung terigu.
Misi Ngajari lan Manfaatna Tepung Mocaf
Dadi Kasi Pelayanan sing membidangi kegiatan pembinaan lan pemberdayaan masyarakat, Fatimah rumangsa kudu ora mung omong tok, tapi kudu ngembangna lan ngajari masyarakat babagan apiké tepung mocaf, men bisa dimanfaatna nggo gawe produk olahan misale.
“Tugas inyong kuwe kepriwe carané ngembangna, ngedukasi masyarakat nek tepung mocaf kuwe enak lan lewih sehat timbang terigu, apa maning bahan bakuné nang kene akeh banget,” omongé Fatimah.
Tekanan kiye sing marakna dheweké nggawe kréasi. Sebenere bisnis awale nang frozen udang, Fatimah pancen sengaja ngombinasikna usahané karo tepung mocaf, dadine lair lah Udang Crispy sing wis duwe brand, jenengé Best Family Store (BFS). Inovasi kiye terus disusul karo produk Ikan Crispy.
Tantangan Rega lan Ngajari Wong Lokal
Perjalanane Fatimah ora ucul sekang tantangan. Masalah rega dadi kendala utama. Tepung mocaf kuwe, merga prosese lewih kompleks, dadi cenderung lewih larang timbang tepung terigu. Iki otomatis marakna rega adol kripiké Fatimah dadi larang. Ditambah maning, bahan baku udangé wis tergolong larang.
Seliyane kuwe, usaha ngajari maring warga men gelem ngolah produk nganggo tepung mocaf, durung patia diminati nang masyarakat lokal. Nek menurute Fatimah, jangkauan pemasaran nang désa isih kurang merga faktor rega sing lewih duwur. Menurute Fatimah nek pemerintah gelem aweh subsidi ya apik, men regane bisa bersaing karo tepung terigu.
Legalitas lan Ekspansi Digital
Senajan ngadepi tantangan, Fatimah ora nyerah. Titik balike pas PLUT (Pusat Layanan Usaha Terpadu) aweh edukasi babagan perizinan lan kemasan. Fatimah inisiatif ngurus legalitas produké.
“Nyong iseng-iseng nggo digawekna perijinan nggo Udang Crispy karo Ikan Crispy. Bar kuwe metu PIRT-é, bareng karo sertifikat halalé. Inyong langsung manfaatkan lan inyong kembangna sak-maksimalé,” jelasé Fatimah.
Nduweni izin edar PIRT lan sertifikat halal dadi modal gedhe nggo nambahi kepercayaan konsumen lan ngambakna pasar. Nggo ngatasi masalah pemasaran lokal, Fatimah milih jalur digital. Pemasaran utamané saiki fokus nang online liwat platform kaya Tiktok Shop nang akun BFS FAYZA. Fatimah ngakoni nek dadi pemula, dheweké isih kudu akeh sinau nang ngatur pemasaran online, utamané nambahi rating akun toko.
Visi Masa Depan: Aweh Contoh Nyata
Saiki, Fatimah milih nggo fokus nang pemasaran online lan tetep usaha ngembangna pasar offline alon-alon. Tujuane udu mung dodolan tok, tapi nggo aweh contoh lan aksi nyata babagan carané manfaatkan potensi lokal désa. Kepengine Fatimah, Wong liya khususe warga Desa Karangreja bisa niru langkah kaya ndewekne, nek butuh bimbingan dekne siap maraih.
Kisah Fatimah karo Best Family Store kuwe cerminan semangat wirausaha sing manfaatna potensi désa nggo nggawe produk unggulan. Produk unggulan kuwe sing harapane bisa ningkatna ekonomi warga desa, khususe desane ndewekne Karangreja Cipari.







https://shorturl.fm/vU92I
https://shorturl.fm/YzCuM
https://shorturl.fm/Qk9eY
https://shorturl.fm/xclU8
Monetize your traffic with our affiliate program—sign up now!
Earn passive income with every click—sign up today!