Sekang Sisa Sega Diubah Dadi Omset: Kisah Santri Entrepreneur Enom Sekang Cilacap

Cilacap, Kedungreja – Nang tengah kesibukan ngaji lan hafalan sing dadi denyut nadi Pondok Pesantren Rubat Darul Hikmah Ell Firdaus nang Tambaksari, Kedungreja, Cilacap, ana crita inspiratif babagan gabungan unik antara urusan rohani lan semangat usaha. Soiman (25), santri sekang Gombong, Kebumen, sing wis ngabdi lan golet ilmu kawit taun 2016, wis norehna jejak dadi entrepreneur enom nang lingkungan pondok pesantren.

Selama sangang taun, pondok wis dadi umah keloro nggo Soiman. Tapi, perjalanan nyantrine ora mulus terus. Dheweke tau nyoba tantangan dunia luar, sempet mandheg mondok, lan nyoba ngadu nasib nang Kalimantan mbantu kakange adol mi ayam. Keputusan kuwe ora suwe. Dorongan kenceng sekang wong tuwa nggawa dheweke bali maring pondok maning, dadi titik balik sing ngubah pandangan uripe.

Bacaan Lainnya

“Dhisit nyong kurang serius. Bar bali (mondok maning), nyong mulai muter utek kepriwe carane nggabungna antara kegiatan ngaji lan usaha.” Jarene Soiman.

“Modal awal ngandelna sangu. Nyong nyisihna tuk setitik nggo tuku anakan entok”.

Nggunakna Kesempatan nang Waktu Longgar lan Sega Sisa

Latar belakang pondok pesantren Rubat Darul Hikmah Ell Firdaus pancen ndukung semangat kiye. Pihak pondok kawit awal negesna pentinge santri nduweni sangu usaha nggo persiapan pas dheweke bali maring masyarakat (mukim). Saliane kuwe, Soiman ngerti nek dheweke nduweni akeh wektu longgar nek awan, celah sing kudu diisi karo kegiatan positif sing ngasilna.

Ide usahane Soiman muncul sekang pengamatan sederhana nang dapur pondok. “Pas kuwe nyong kadang melu mbantu nang dapur pondok, nyong kok mikir, kiye akeh sega sisa, eman-eman nek dibuwang,” critane.

Naluri usahane langsung metu, kepriwe carane manfaatna sisa panganan pondok dadi barang sing ana regane. Pilihane tiba meng ternak unggas jenis entok (menthog).

Saliane manfaatna sega sisa, ngingu entok dirasa luwih gampang perawatane dibandhingna ternak liyane. Karo modal sangu sing disisihna sekang kiriman wong tuwa, Soiman ngawali usahane.

“Modal awal ngandelna sangu. Nyong nyisihna tuk setitik nggo tuku anakan entok,” jarene.

Awalane sederhana banget, mung modal anakan loro lan bibitan entok  wadon loro. Nggo ngawinna bibite, mbien dheweke nyilih pejantan sekang kancane.

“Tapi Alhamdulillah kasil,” jarene bangga.

“Dhisit nyong kurang serius. Bar bali (mondok), nyong mulai muter utek kepriwe carane nggabungna antara kegiatan ngaji lan usaha”.

Usaha Nang Keterbatasan lan Fleksibilitas

Senajan awalane sederhana, saiki, cacahe unggas wis nganti puluhan. Saiki, fokus utamane Soiman yakuwe ngembangbiakna ternake ben tambah akeh, ora nggo didol akeh-akeh. Dodolan mung nek lagi kepaksa butuh duit.

“Nek arep bali kampung, misale ora ana duwit, ya kepeksa ngadol meri (anakan entok) utawa bibitane, asline fokuse maring perkembangbiakane,” jelahe sinambi ngguyu cilik.

Sistem perawatan sing diterapna uga fleksibel lan efisien. Pihak pondok ora tau nglarang kegiatan kiye. Malah, santri bebas usaha, angger pinter mbagi wektu.

“Wektune ngaji ya ngaji, wis baku. Tapi merga ngajine bengi, dadi dhewek bisa luwih gampang ngatur wektu,” jelase.

Perawatan entok sing lumayan gampang dadi kuncine. Mung butuh diwenehi pakan esuk lan sore. Soiman sengaja neerapna metode ngumbar ternak, sing diyakini nggawe entok luwih sehat, senajan ana risiko ilang.

Keuntungan paling gede yakuwe masalah pakan. Anane panganan sisa nang pondok saben dina nggawe entenge biaya, ngubah biaya operasional dadi bathi.

Bukti Nyata Gabungan Ngaji lan Usaha

Senajan cacahe unggas sing diingu Soiman durung kegolong skala gedhe, kisahe bisa aweh bukti nyata nek lingkungan pendidikan agama sing kenthel ora ngalangi semangat wirausaha. Soiman mbuktikna, sapa bae, nek gelem lan ana niat sing kuat, nduwe hak lan bisa mulai usaha.

Dheweke wis berhasil ngerangkai benang merah antara ibadah, golet ilmu, lan mbangun kamandirian ekonomi. Usaha, nggo Soiman, ora mung golet duwit, tapi dadi bagian penting sekang perjalanan mbangun awake dhewek lan nyiapna sangu masa depan, tanpa kudu ninggalna nilai-nilai luhur sekang pondok pesantren.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

5 Komentar