Kedungreja, Cilacap – Langit wengi kuwe ndilalah udan gerimis tipis, hawa adem nyelimuti desa Tambaksari Kecamatan Kedungreja Kabupaten Cilacap. lan nang salah siji pondok sing sederhana nang wilayah Cilacap, ana santri nom umure 22 taun, jenenge Rohmat lagi njegong santai karo ngebulna kukus rokok Samsu.
Nang ngarepe, ana segelas kopi ireng kentel ambune khas, kuwe ritual sederhana sing ngiringi crita sing luar biasa, crita santri sing berhasil nembus dunia digital marketing.
Senajan kewajiban utamane kuwe ngaji, Rohmat meneng-meneng nyimpen semangat liya. Saben ana wektu luang, utamane bar kegiatan ngaji wengi, deweke mbukak hape nggo ngedit video lan ngunggah maring TikTok.
Aktivitas sing maune mung iseng siki dadi lantaran dalan rejeki, malah durung genep setaun, total penghasilan sekang program affiliate TikTok wis tekan angka jutaan rupiah.
“Wingi, urung suwe kesampaian tuku hape anyar sing luwih canggih, men kontene tambah apik,” ujare karo mesem isin. Nang mburine mesem kuwe, ana perjalanan sing ora gampang.
Awal Mulane Nang Tengah Kebon Pondok
Nek awan-awan, santri non-sekolah sebutane santri entrepreneur nang pondoke kiye diwajibna melu ngurus kegiatan, salah sijine kebon, ternak lan kegiatan produktif liyane. Nang sela-selane aktivitas kuwe, Rohmat sering ngabadikna momen, mbabati suket, ngaweh pakan kewan ternak, utawa mung njukut gambar suasana santri liyane sing lagi kegiatan nang kebon.
“Awale mung iseng bae, upload-upload ben dadi dokumentasi kegiatan,” ujare.
Tapi sekang keisengan kuwe, deweke mulai ndeleng ana potensi. TikTok jebule nyediakna potensi ngasilna duit nggo sapa bae sing arep berkarya lan olih penghasilan liwat program affiliate. Tanpa mikir suwe, Rohmat ndaftarna akune dadi affiliator.
Rasa Isin lan Tekun
Rohmat ngakoni deweke kuwe isinan. Ora pede tampil ngomong nang ngarep kamera. Mulane, nang awal karire, deweke mung gawe video produk tanpa nunjukna raine.
Suatu ketika, deweke tuku perlengkapan santri, yakuwe sarung karo peci. Sekang Kono ana ide nggo gawe video ulasan sederhana lan masang link produk nang jerone.
“Video kuwe ora langsung ngasilna apa-apa. Sing jelas komisine durung akeh. Butuh 2 wulan nganti 3 wulan, sing penting konsisten, minimal sevideo saben dina,” ngakune.
Kesabaran kuwe akhire ngetokna kasil. Salah siji videone ndadak njeblug, narik akeh wong pada tuku, lan sekang kono komisi affiliate sing luwih gedhe mulai keton. Duit rupiah pertama kuwe dadi titik balike.
Santri lan Digital Marketing: Potensi Anyar sing Kebukak
Karo nyruput kopi sing wis mandan adem, Rohmat ngomong babagan motivasine. “Nyong arep nidokna nek santri ya bisa berkembang. Bisa produktif, bisa melu ngimbangi nang dunia digital marketing tanpa ninggalna kewajiban ngaji.”
Nggo deweke, dunia pesantren dudu alesan nggo ketinggalan sekang perkembangan jaman. Malah, lingkungan sing disiplin kuwe gawe deweke mampu konsisten berkarya.
Siki, Rohmat ora mung olih penghasilan sekang komisi. Deweke malah wis sering olih sample produk gratis sekang para seller TikTok, kuwe bukti nek akune dianggep duwe nilai lan akeh penjualane.
Santri Milenial, Masa Depan Digital
Crita Rohmat nggambarna perubahan gedhe nang ekosistem pesantren. Nek santri jaman siki ora mung sinau kitab tok, tapi ya sinau ngadepi dunia sing tambah digital, dinamis, lan kompetitif.
Rohmat ngomong, nek peluang bisa teka sekang endi bae, termasuk sekang tangane santri sing tekun, isinan, tapi ora tau mandeg njajal hal anyar sing positif.
Pas obrolan arep rampung, udan sing maune grimis ndadak deres banget, kaya-kaya melu negesna pesen sing arep disampekna Rohmat maring bocah-bocah enom nang jaba. Nek kesempatan ora tau nunggu cuaca cerah. Langkah cilik dina kiye bisa nggawa perubahan gedhe nggo masa depan.
“Sing penting wani mulai,” omonge karo nyruput kopi nganti entek prentek.







https://shorturl.fm/ze4dO
https://shorturl.fm/RZo2O
https://shorturl.fm/VEOQY
https://shorturl.fm/cYavp