Cah Nom-Noman Dijak Maksimalna Potensi Dunia Maya Lewat Pelatihan Digital Marketing nang Mas Dewan

Sidareja, Cilacap – Jam 10.00 WIB nang salah siji ruang kelase Lembaga Kursus lan Pelatihan (LKP) Kurti College Sidareja, hawane krasa panas. Tapi, hawa panas kuwe ora sebandhing karo krenteg lan semangate 16 peserta sing teka.

16 peserta kuwe cah nom-noman sekang berbagai latar belakang, siap nyerap materi nang Pelatihan Digital Marketing Program Pendidikan Kecakapan Wirausaha (PKW). Pelatihan kiye dadi wujud nyata sekang kolaborasi sing didorong karo kepedulian.

Bacaan Lainnya

Program PKW kiye dianakna merga usulan pokir (pokok pikiran) sekang Anggota DPRD Kabupaten Cilacap, Saiful Musta’in, lan dikolaborasikna karo dinas terkait, yakuwe Dinas Pendidikan lan Kebudayaan Kabupaten Cilacap. Kegiatan kiye dibiayai nganggo dana Anggaran Pendapatan lan Belanja Daerah (APBD) taun 2025, rencanane pelatihan digital marketing kiye dilangsungna kawit tanggal 10 tekan 21 November 2025.

Pengarep-Arep Gede Sekang Aspirasi Komunitas

Anane ide pelatihan kiye, kuwe awale sekang aspirasi komunitas cah nom-noman nang Sidareja. Cah-cah noman kuwe nduwe kepenginan sing padha, yakuwe keprimen ben generasi muda nang daerahe dewek nduwe ketrampilan sing mumpuni nggo usaha. Ide kuwe direalisasikan akhire dianakna pelatihan digital marketing kiye.

Acara pembukaan pelatihan dihadiri nang tokoh-tokoh penting, antarane Supriyatno, Kepala Koordinator Wilayah Bidang Pendidikan Kecamatan Sidareja, Saiful Musta’in, Anggota DPRD Kabupaten Cilacap, lan Drs. KH. Supriyono Ali Hasan Pembina LKP Kurti College.

Nang sambutane, Saiful Musta’in nyoroti dampak strategis sekang pelatihan kiye. Dheweke njelasna nek pelatihan digital marketing nggo generasi muda kiye selaras karo salah siji program strategise Bupati Cilacap, yakuwe nggawe sekolahan wirausaha muda.

“Pelatihan nang Kurti College kiye bisa diomong dadi percobaan (pilot project) nggo programe bupati yakuwe strategis sekolahan wirausaha muda. Nyong ngarep-arep, bar pelatihan kiye, peserta bisa nerusna lan nggawe kegiatan wirausaha sing ana hubungane karo digital marketing,” jare Saiful Musta’in.

Dheweke malah negasna komitmene nggo fasilitasi kegiatan wirausaha berbasis digital marketing angger hasile keton nyata. Saiful uga aweh contoh potensi usaha UMKM sing bisa dikolaborasikna, kaya peternak wedhus, pengusaha kerajinan kayu sekang limbah, usaha tepung mocaf lan produk liyane.

“Coba bayangna, angger kanca-kanca peserta digital marketing kiye bisa kolaborasi lan masarna produke dheweke kabeh secara online. Akeh usaha lokal sing sejatine butuh pemasaran produke secara daring,” tambahe, mbukak pandangan peserta kaitane karo peluang pasar digital.

Gawai dadi Mesin Gawe “Cuan

Sejalan karo Saiful Musta’in, salah siji instruktur nang Kurti College, Faishal Akbar, ngungkapna tujuan intine pelatihan. Jare dheweke, tujuan utamane yakuwe ben cah nom-noman bisa nduwe kecakapan digital marketing sing bisa ndorong cah nom nggo nggawe usaha tanpa kudu lunga (merantau) maring dhaerah liya utawa maring luar negeri. Faishal uga aweh perspektif anyar babagan gunane gawai utawa piranti elektronik sing meh kabeh wong nduwe, yakuwe Handphone.

“Nyong yakin kabeh wis nduwe gawai utawa HP Android. Nah, keprimen carane ben alat kuwe bisa dimanfaatna nggo usaha sing ngasilna cuan (untung), kiye salah siji tujuane diadakna pelatihan kiye,” jare Faishal.

Dheweke uga duwe pengarep-arep, angger pelatihan kaya kiye dianakna maning, pesertane langsung sekang pelaku usaha utawa UMKM sing wis nduwe produk, dadi ilmu sing digital marketing bisa langsung dimanfaatna nggo pemasaran produce ndewekne.

Ningkatna Kompetensi nang Kemajuan Jaman

Sementara kuwe, Pembina LKP Kurti College, Drs. KH. Supriyono Ali Hasan, negesna pentinge ilmu digital nang jaman siki. Dheweke nyebutna nek ilmu pengetahuan babagan digital kudu selalu dianyari merga sifate sing dinamis.

Dukungan kuat uga teka sekang Kepala Koordinator Wilayah Bidang Pendidikan Kecamatan Sidareja, Supriyatno. Dheweke ngaku bangga karo upaya Kurti College nang babagan ngajari cah nom-noman nganggo kecakapan digital marketing.

“Jaman siki nggo mlebu maring dunia kerja kompetisine luar biasa. Dheweke kabeh kudu nduwe kemampuan utawa kompetensi, angger ora ya bakal kegeser,” jare Supriyatno.

Dheweke nambahna nek dunia digitalisasi kuwe masif banget. Wong sing ora bisa adaptif utawa ora bisa ngetutna kemajuan teknologi bakal kangelan nyesuaina. Program kiye dadi bagian penting nggo nyiapna cah nom-noman ngadepi tantangan jaman.

Salah siji peserta pelatihan, Akmal Ruiyan (19), ngaku olih info pelatihan kiye sekang kancane. Karo sumringah, dheweke ngungkapna pengarep-arepe.

“Inyong ngarep-arep mbesuk bar melu pelatihan digital marketing kiye bisa dimanfaatna nggo dodolan online,” kata Akmal.

Gabungan antara panase cuaca awan lan semangat peserta sing ngobar nang Kurti College dadi simbol nek krenteg nggo mandiri lan wirausaha secara digital siki wis dadi prioritas nggo generasi muda, mbukak lembaran anyar nggo perekonomian lokal.

 

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

5 Komentar