Majenang, Cilacap – Salah sijine korban sing slamet, Imam Faedi, crita. Bengine, sekitar jam 8 bengi (20.00 WIB), dheweke lagi jagongan karo tanggane neng ngarep umah, karo ngombe kopi anget.
“Wektu kuwe udan grimis,” ujare.
“Ijig-ijig ana suara gemuruh kaya seara pesawat mabur. nyong langsung ngadeg, ndeleng ngarep, jebule ana kebulan kaya kukus. Bar kuwe keton kayu pada mabur-mabur, neng mburine disusul ana lemah,” sambunge Imam, kaya sing dilansir sekang bbc.com.
Deweke terus ngomong: “Sing terakhir kuwe kaya ula lagi nglangi neng kali. Lemah wis ora stabil (labil) terus mandeg neng kene. Kancaku sing mau pada jegongan langsung pada mlayu nulungi korban.”
Imam sing kelingan anake loro (2) nang njero umah, buru-buru mlayu bali. Pas tekan, umahe wis ketimbun material lemah, kayu, karo watu.
“Anakku neng kamar dewek, posisine turu. Anakku nyeluk, ‘Bapak, Bapak!’ Terus nyong nendang lawang, langsung ngéndong anake metu.”
Tapi, dheweke sempet panik merga ora nemukna anak sulunge sing biasane turu neng kamar tengah. Keadaane tambah medeni merga listrik mati.
“Peteng ndedet, ora ana penerangan. Nyong nggoléti anakku sing paling tuwa, terus krungu suara nyeluk, ‘Bapak, Bapak!’ sekang arah sing béda. Syukur, anake loro-lorone slamet,” ujare.
Anak ciliké Imam, sing ésih kelas 4 SD ditemukna keadaane wis syok. Lan sing sulung, umuré 19 taun, wis bisa nylametna awake dewek.
Imam ngomong, keadaan peteng karo lemah sing ésih ora stabil nggawé proses nulungi dadi angèl. Warga pada mlayu nylametna awake dewek-dewek.
Bar lemah logsore wis mandeg, tembe suara njaluk tulung krungu sekang berbagai arah.
Dheweke uga crita, ana wong tuwa, Mbah Rislam, bisa dievakuasi senajan sempet ketimbun longsoran. Tapi putuné, Julia, ora slamet sekang bencana kuwe.
“Putuné ana loro, Julia karo Maya, loro-lorone ninggal (meninggal),” Imam njelasna.
Imam ngomong, daérah umahé kuwe neng ngisor daérah perbukitan sing ditanduri wit kelapa, pisang, karo pring (bambu).
Dugaane Dheweke, longsoran kiye asale sekang nduwur lan obah cepet maring ngisor meng umah-umah warga.
“Lemah sing neng nduwur kuwe wis mudhun kurang luwih rong (2) meter. Jarak kiriman lemah kuwe sekang kana sekitar rong (2) kilometer. Maune diprédiksi longsoré mudhun maring arah liyan, maring daérah Cikuyut. Warga neng kana malah wis dikon ngungsi,” ujare Imam.







Your influence, your income—join our affiliate network today!