Wanareja, Cilacap – Udan deres sing ngguyur wilayah Kabupatén Cilacap, Jawa Tengah, akhir-akhir kiyé nyebabna musibah banjir. Banjir kiyé dilaporna ngantek ngrendem atusan umah warga nang Kecamatan Wanareja, tepate nang rong désa, yakuwé Désa Sidamulya karo Désa Tarisi.
Dhuwuré banyu sing nglelebi umah-umah warga kuwé dilaporna nganti 70 séntiméter. Musibah kiyé dipicu merga Kali Ciberem lubèr lan ora kuwat nampung banyu udan sing nemen banget.
Senajan banyu wis ngrendem nang umah karo pekarangan, sebagean gedhé warga padha milih bertahan utawa tetep nang umahé lan ora gelem ngungsi. Sementara kéwan ternak duwéné warga kepeksa dipindah maring tanggul kali merga pekarangané wis kerendem kabeh.
Tim SAR karo rélawan wis padha mudhun nang lokasi, klebu nulungi lan ngévakuasi pasangan wong tuwa (lansia) sing umahé wis dikepung banyu.
Iswanun, salah siji warga nang kana, ngandhakna kahanan udané “Udané seka awan nganti soré,” jaré Iswanun kaya dikutip sekang jateng.inews.id.
Warga sing dadi korban banjir kiyé padha ngarep-arep bantuan bisa cepet teka lan banyu banjiré ndang asat/surut ben urip lan kagiatané bisa bali normal maning.







https://shorturl.fm/FRx0n
https://shorturl.fm/Iqznt
https://shorturl.fm/8gOb1
Partner with us and enjoy high payouts—apply now!
Join our affiliate community and maximize your profits—sign up now!