Perdana Menteri Inggris Keir Starmer ngumumkan keputusan sing bersejarah yakuwe ngakuni Palestina sebage negara berdaulat. Langkah kiye digawe bar 100 taun lewih sauwise Deklarasi Balfour lan 77 tahun ngadege Israel.
Starmer negasna keputusan kiye nduwe tujuan njaga peluang perdamaian nang Timur Tengah lewat solusi 2 negara berkelanjutan. Nang pernyataan video nang akun X Minggu (21/9/2025) Ndeweke nyebut pengakuan dilakukna merga ngadepi krisis kemanusiaan nang Gaza.
Pemerintah Inggris sedurunge duwe rencana nunda pengakuan kiye. Tapi, kondisi nang Gaza semakin buruk karo kehancuran kota, kelaparan massal, lan pengungsian gede-gedean.
Nang Tepi Barat, tentara Israel terus nglancarna serangan meng wong Palestina nang wilayah pendudukan. Seliane kuwe, Israel tetep nglanjutna rencana pencaplokan wilayah sekaligus ngupayakna ngilangna gagasan Palestina merdeka.
Keputusan kiye diumumna bareng karo pengakuan sekang Kanada lan Australia. Kabar-kabare Prancis uga arep melu langkah kaya kiye.
Info sekang Aljazeera, Minggu (21/9/2025), Menlu Yvette Cooper nyatakna keputusan utawa negesna komitmen Inggris nggo solusi 2 negara. Ndeweke nambaih, rakyat Palestina nduwe hak penuh nentukna nasibe dewek sebagai bangsa merdeka lan berdaulat.
Seliane kuwe, Wakil Perdana Menteri David Lammy uga nekena pengakuan kiye ora otomatis mujudna negara Palestina sing instan. Tapi, ndeweke negesna langkah kuwe penting nggo njaga harapan terciptane solusi dua negara tetep kebuka.
Sumber: rri.co.id






