Pencarian Korban Longsor nang Lemah sing Tesih Labil

Proses pencarian dan pertolongan korban longsor di Kecamatan Majenang, Kabupaten Cilacap pada Kamis (13/11) malam. (BPBD Kabupaten Cilacap)

Majenang, Cilacap – Udan deres sing medhun kawit Kemis wengi (13/11) ngubah keadaan tenang nang Kecamatan Majenang, Cilacap, dadi kepanikan. Kira-kira jam walu wengi (20.00 WIB), tebing lemah nang Dusun Cibeunying, Cibaduyut, karo Tarakan Kecamatan Majenang ijig-ijig ambruk, nyeret umah-umah lan wit-witan

Nang tengah kegelapan, lan suara udan sing urung mandeg, wong-wong pada mlayu, sebagian ana sing slamet, sebagian liyane ketimbun material longsor. Pas tim SAR gabungan teka, mung senter sing dadi penunjuk neng antara puing karo lemah lumpur.

Bacaan Lainnya

Nganti dina Jemuah esuk sekitar jam 03.00 WIB, 23 wong berhasil ditemukna keadaane selamet. Telu diantarane luka ringan. Lan wong loro ditemukna wis ninggal. Sementara wong 21 esih ilang.

Kondisi lemah sing esih labil marekna langkaeh petugas penuh resiko lan kudu ati-ati. Senajan kaya kuwe, proses pencarian tetep diterusna. Pas jemuah esuk, alat berat diturunna nggo nggampangna proses evakuasi, senajan bayangan longsor susulan terus ngintai.

Dilansir sekang laman bnpb.go.id, BPBD karo BNPB saiki netepna status tanggap darurat. Tim Reaksi Cepat dikerahna, sementara warga dihimbau tetep kudu waspada, soale diprediksine udan bakal medun bae nang Majenang nganti beberapa hari mengarep.

Diantara angka-angka korban ilang, ana donga, ana kecemasan, karo ana harapan sing terus dijaga, semoga nama-nama sing esih ilang bisa ditemukna.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

3 Komentar