Vangke! Nang Mojokerto Ana Kasus Mutilasi, Diketok dadi Atusan

Geger! temoan pethilan awak menungsa nang Pacet, Mojokerto, Jawa Timur, akhire kewenangan. Temuan kue kalingane jasade TAS (25), sing di tugel-tugeli (mutilasi) nang pacare, sing jenenge Alvi Maulana (24).

Avli karo TAS wis pacaran kawit 5 taun. Cah loro kue manggon bareng nang umah kos, sing alamate nang Jalan Raya Lidah Wetan, Kelurahan Lidah Wetan, Lakarsantri, Surabaya.

Nang umah kos kue, TAS dipatheni nang Alvi pas Minggu (31/8) sekitar jam 02.00 WIB. Alvi nunjleb gulu tengene pacare karo peso dapur sampe mati kentongan getih.

Ora kur kaya kue tok, Alvi gen nugeli (mutilasi) jasad pacare.

“Korban digawa nang pelaku meng kamar mandi (nang lantai siji kamar kos) nggo dimutilasi,” jere omongane Kasat Reskrim Polres Mojokerto AKP Fauzy Pratama, Minggu (7/9/2025).

Kaya kesetanan, Alvi nugel-nugeli jasade pacarne dadi atusan. Pelaku nganggo peso daging, lan gunting kayu cilik.

Sekitar jam 04.00 WIB, Alvi madaih tugelan daginge karo tas abang gede, bar gue digawa karo motor metik. Sebagian jasade diguang nang suketan nang Dusun Pacet Selatan, Desa/Kecamatan Pacet, Mojokerto.

Tugelan jasade TAS nang suketan mambrah-mambrah nang lokasi. Nang lokasi kue tok, Polisi nemukna 65 tugel jasade. 63 tugel rupa otot-otot, lemak, kulit ndas, rambut, telapak tangan kiwe lan telapak tangan tengen.

Nek bagian balung, tengkorak, otak lan mata korban tesih disimpen nang Baca selengkapnya…

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *