Cilacap – Manungsa silver dadi sorotan neng Cilacap, Jawa Tengah. Sodikin, wong asal Brebes sing manggon neng Kawunganten gawe pengakuan ngagetna wektu diamanke Satpol PP Cilacap.
Dheweke nyebut, penghasilane dadi manungsa silver iso nganti Rp300 ewu saben dina. Nek dikali sewulan, dheweke iso ngantongi kurang luwih Rp9 juta, luwih gede timbang Upah Minimum Kabupaten (UMK) Cilacap taun iki.
Dikutip saking laman Instagram Satpol PP Cilacap, Sodikin diamanke Satpol PP pas operasi penegakan Peraturan Daerah (Perda) Kabupaten Cilacap Nomor 2 Tahun 2024 tentang Penyelenggaraan Ketentraman, Ketertiban Umum, lan Pelindungan Masyarakat.
Perda kuwi wis tegas ngelarang aktivitas pengamen, pengemis, lan bocah jalanan neng ruang publik. Sekretaris Satpol PP Cilacap, Rohwanto, njelaské nek Sodikin biasane mangkal neng sekitar lampu abang Terminal Bis Cilacap.
“Pengakuane, mangkal kawit jam 4 sore nganti jam 8 bengi. Saben dina iso entuk Rp300 ewu,” ujare dikutip saka Satpol PP Cilacap.
Nek dideleng saka sisi ekonomi, penghasilan manungsa silver kaya Sodikin pancen nggilani. Bayangna, mung nyambut gawe 4 jam saben dina iso oleh duit ngluwihi gaji wong sing nyambut gawe resmi.
Nanging, senajan nggilani, profesi iki tetep dilarang nang pemerintah daerah, merga dianggep ngganggu ketertiban umum lan mbahayani nggo pelakune dewe utawa kanggo pangguna dalan liyane.
Kanggo sing nekat nglanggar, aturan kuwi ngatur ancaman pidana kurungan utawa denda nganti Rp50 juta. Fenomena manungsa silver kaya Sodikin nggambarake nek ana masalah sosial sing ruwet.
Neng siji sisi, ana dorongan ekonomi sing ndadekake akeh wong kepengin nyoba merga penghasilane luwih dhuwur timbang nyambut gawe resmi. Nanging neng sisi liyane, praktik iki nglanggar aturan lan nimbulake akibat negatif neng ruang publik.
Satpol PP Cilacap negeske nek pihaké bakal terus nggelar razia lan pembinaan ben praktik manungsa silver ora tambah nyebar. Pemerintah daerah uga ndorong masyarakat supaya golek penghasilan alternatif sing luwih aman lan lega.






