Jakarta – Badan Gizi Nasional (BGN) nerbitna Surat Edaran (SE) Nomor 5 Tahun 2025 ngenani Pemberian Insentif kanggo Guru Penanggung Jawab Program Mangan Bergizi Gratis (MBG) neng Sekolah Penerima Manfaat.
Kebijakan iki lahir dadi wujud apresiasi pemerintah marang peran strategis guru neng ndhukung kasuksesan program sing ditujokké kanggo bocah sekolah, ibu meteng, ibu nyusoni, lan balita.
Wakil Kepala BGN, Nanik S Deyang, ngangggep guru nduwé peran penting, ora mung dadi pendamping utama siswa, nanging uga dadi penggerak kanggo nanduraké pangerten ngenani wigatine pola mangan sehat lan perilaku urip resik neng lingkungan sekolah.
“Minangka wujud apresiasi kanggo tambahan tugas lan tanggung jawab kuwi, marang guru penanggung jawab Program MBG neng sekolah diwènèhi insentif. Pemberian insentif iki dudu mung kompensasi finansial, nanging uga dadi wujud pengakuan marang dedikasi lan kontribusi guru neng ndhukung kasuksesan program,” ngendikane Nanik, neng Jakarta, Senin (29/9/2025) kaya dikutip saking laman kompas.com edisi 30/09/2025.
Lewat surat edaran kuwi, saben sekolah penerima manfaat MBG wajib nunjuk 1 nganti 3 guru dadi penanggung jawab (PIC) distribusi MBG.
Penunjukan ditindakna karo kepala sekolah kanthi prioritas marang guru bantu lan honorer, uga nganggo sistem rotasi saben dina ben pelaksanaan luwih merata. Minangka wujud dukungan, saben guru PIC bakal nampa insentif Rp 100.000 saben dina penugasan. Dana insentif kuwi asalé saka biaya operasional Satuan Pelayanan Pemenuhan Gizi (SPPG) sekolah sing gegandhengan, lan bakal dicairna saben 10 dina pisan.
Mekanisme pelaksanaan lan tanggung jawab dana kudu manut karo ketentuan sing wis berlaku.
“Kanggo sakabehe SPPG, supaya melaksanakan lan ngawasi pemberian insentif marang saben guru sing wis ditunjuk,” tegasé Nanik.
Kanthi ana kebijakan iki, BGN ngarep motivasi guru saya nambah, dadi perane guru neng njamin kelancaran distribusi MBG lan ningkatna status gizi anak bangsa bisa mlaku kanthi optimal.






