Gunung Merapi Erupsi, Nyemburna “Wedhus Gembel”  Adoeh 1,7 Km Maring Kali Krasak

Gunung Merapi erupsi guguran nang Rabu esuk (12/11/2025). (dok. BPPTKG)

Ngapak.net  – Gunung Merapi ngetokna aktivitase nang dina Rebo (12/11/2025) ésuk. Merapi dilaporna nyeburna Awan Panas Guguran (Wedhus Gembel) adohé 1.700 méter utawa 1,7 kilométer maring arah barat daya, tepate nang hulu Kali Krasak.

Miturut laporan resmi sekang Badan Géologi Kementerian ESDM, awan panas kiyé metu jam 07.35 ésuk (WIB), amplitudo maksimalé 9 mm lan suwéné 125,2 detik.

Bacaan Lainnya

Seliyane awan panas, kegempaan Merapi kecatet ping 12 guguran biasa lan 14 gempa hybrid/fase akèh. Gempa-gempa kiyé nunjukna angger pasokan magma nang njero gunung tesih terus mlaku.

Nganti siki, tingkat aktivitase Gunung Merapi tetep Level III utawa Siaga.

PVMBG (Pusat Vulkanologi lan Mitigasi Bencana Géologi) ngimbau maring masyarakat ben aja pada ana kegiatan nang wilayah sing ana potensi bebaya, utamané nang séktor selatan barat daya yakuwé Kali Boyong (maksimal 5 km), Bedog, Krasak, karo Bebeng (maksimal 7 km), uga nang séktor tenggara meliputi Kali Woro (3 km) karo Gendol (5 km).

PVMBG uga ngélingna warga ben padha ngati-ati maring bahaya lahar hujan lan awu vulkanik, utamané angger udané deres nang sekitar Merapi.

Warga dijaluk tetep mantau perkembangan anyar aktivitas Merapi liwat jalur-jalur resmi sekang Badan Géologi.

 

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

6 Komentar

  1. Ping-balik: zestoretic