Dieng Resmi Nyandang Gelar Geopark Anyar, Wonosobo lan Banjarnegara Kena Amanah Anyar

Geopark Dieng
Penampakan Tanab Wisata Dieng (sumber: instagram.com/wisatadieng_id)

Menteri Energi dan Sumber Daya Mineral (ESDM) mutusna Dataran Tinggi Dieng resmi nyandang status Geopark Nasional. Keputusan iku ditulis neng salinan Surat Keputusan sing banjur diserahna nang Gedung B Setda Jawa Tengah, Rebo (24/9).

Penyerahan dilakokna Kepala Badan Geologi Kementerian ESDM RI bareng Gubernur Jawa Tengah marang Bupati Wonosobo Afif Nurhidayat, lan Bupati Banjarnegara Amalia Desiana, sarta disekseni Wakil Gubernur Taj Yasin.

Bacaan Lainnya

Afif Nurhidayat selaku Bupati Wonosobo nyebut penetapan iki dadi momentum penting.

“Ditetapna Dieng dadi Geopark Nasional dadi kebanggan sekaligus amanah gede. Dewek arep semakin serius njaga kelestarian alam sekaligus ningkatna kesejahteraan warga lewat pariwisata sing berkelanjutan,” tegese Afif.

Amalia Desiana selaku Bupati Banjarnegara nambahna nek kerja sama lintas wilayah dadi kunci.

“Sinergi antara Banjarnegara lan Wonosobo penting banget kanggo njaga warisan geologi, budaya, lan ekosistem ben tetep lestari kanggo generasi sing bakal teka,” ujare.

Kepala Badan Geologi Kementerian ESDM, Muhammad Wafid nekanake yen status geopark kuwi ora mung pengakuan resmi utawa formal thok.

“Geopark nasional dadi dasar pengembangan program pelestarian, edukasi, lan peningkatan ekonomi lokal berbasis kearifan masyarakat. Dewek ngarepna Dieng bisa berkembang dadi destinasi berkelas dunia, tapi tetep seimbang antara pelestarian alam lan kesejahteraan warga lokal,” jelase.

Wakil Gubernur Jawa Tengah, Taj Yasin, nyebutke keberhasilan iki kudu dimaknai dadi semangat bersama.

“Geopark Dieng dudu mung tentang wisata, tapi uga penguatan identitas kebangsaan lewat pariwisata berwawasan lingkungan,” omonge.

Senajan ngono, masyarakat isih nduwe pitakon perkara manfaat langsung energi panas bumi sing akeh banget neng Dieng kuwi. Soale nganti saiki, cadangan panas bumi sing potensine nganti ewonan megawatt men kabeh dialokasikan kanggo kebutuhan nasional, dene warga lokal nuntut keadilan ing pembagian manfaat.

Perwakilan Dinas Lingkungan Hidup Banjarnegara, Herliana ngingatke ben ekplorasi energi ora ngorbanna lingkungan lan masyarakat.

“Kula nekanake yen ekplorasi panas bumi ora ulih nglalekna aspek lingkungan hidup. Masyarakat kudu diwei ruang kanggo ngawasi lan melu ngrasakna manfaate,” tandase

Penetapan status geopark nggawa peluang gedhe, tapi tantangan mengarep yaiku memastikan pemanfaatan energi lan wisata nang Dieng mlaku berkelanjutan, adil, lan bener-bener aweh manfaat nyata kanggo Banjarnegara, Wonosobo, lan bangsa Indonesia.

 

sumber: radarbanyumas

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *