Cipari, Ngapak.net — Langit Cipari mandan mendung, kaya lagi nyimpen crita perjalanan sing kebek cobaan. Nang salah siji kios cilik nang Krisik Cipari, Aziz (27), cah sing tesih keton nom tembe lagi mbukak rolling door kiosé. Dheweké dudu mung tukang sablon biasa, dheweké mbuktikna yèn kesuksesan kuwé dudu merga modal gedhé nang awal, tapi tentang konsistensi, kegigihan, lan pinter ndeleng kesempatan, senajan lagi dikepung pandemi.
Aziz, lulusan SMK TKJ sing tau dadi santri pondok, mulai critané, adoh sadurungé jeneng usaha “Berkah Sablon” kondang kaya siki. Taun 2018, pas esih bujang dheweké dadi karyawan nang perusahaan instalasi lift nang kota, gajié lumayan. Tapi, akeh kanca-kanca kerjane sing nggolét sambilan dadi driver ojek online bar kerja, Aziz ngrasa ana ruang kosong sing kudu diisi.
“Inyong sering gabut bar kerja. Kanca-kanca pada narik ojol, inyong mikir, inyong dhéwék sing ora nduwe kerja sampingan,” kenangé.
Kaya lagi ketiban rejeki, Aziz olih bonus sing lumayan gedé. Ora gelem duité enték mung kanggo hobiné nang dunia otomotif (dheweké malah tau ngoleksi motor telu jere), Aziz akhire njiot keputusan sing ngubah uripé, duite dienggo tuku sapaket alat sablon, sekalian karo kursus singkat panggunaan dasare.
Sekang Sampingan maring Rencana Jepang sing Gagal
Modalé pengetahuan dasar lan tekad, metu lah usaha “Berkah Sablon” sing fokus nang sablon kaos satuan. Usaha kiyé awalé mung nggo kerja sampingan. Ésuké sibuk ngurus lift, wengié sibuk karo screen lan tinta sablon, ngrampungna pesenan.
Ketekunan kuwé alon-alon dadi ambisiné. Aziz mulai mikir kepriwé carané ngembangna usaha sing lewih gedé. Akhire Aziz milih resign lan niat lunga nggolet rejeki lunga meng Jepang.
“Wektu kuwé akéh kanca sing sukses nang Jepang. Pikirané inyong, angger modal wis kumpul nang kana, inyong bali lan ngembangna Berkah Sablon dadi luwih gedhé,” jaréné.
Dudu mung omong kosong. Rencana kiyé dilakoni serius. Dheweke metu sekang kerjaan lawasé, lanjut sekolah bahasa Jepang, lan lulus nang awal taun 2020. Dalan maring Jepang wis nang ngarep mata.
Nanging, nasib ora bisa ditebak. Maret 2020, pandemi Covid-19 njeblug. Pangarep-arepé Aziz nggo golet rejeki nang Negeri Sakura pupus total. Aziz apes. Rencana sing wis dibangun karo ngorbanna kerjaané ambruk kena badai global.
Titik Balik nang Kampung Halaman
Keterpurukan kiyé ora nggawe Aziz nyerah. Gelem ora gelem, dheweké kudu bangkit maning, walaupun karo modal pas-pasan. Dheweké mutusna bali nang kampungé, dusun Ciwunung, Mulyadadi, Cipari, lan nggawa “Berkah Sablon” sisan.
“Wektu kuwé inyong isih lajang, nek dipikir-pikir, angger wektu kuwé wis berkeluarga mesthi critané beda, mesti perjuangané lewih abot,” ucap Aziz sing siki wis dadi kepala keluarga nduwe anak siji umur 6 wulan.
Nang kampung, dheweké ngawali maning sekang nol. Sending-sending, pelanggan mulai teka, malah akeh sing siki dadi reseller setiané. Mung selang rong wulan, kapercayaan diri Aziz muncul. Dheweké wani nyewa kios nang Krisik, Cipari. Resmi nang Februari 2020, Berkah Sablon bukak maning. Seliané jasa sablon, dheweké uga nyediyakna lan ngedol kaos polos, ora mung nggo bahan bakune dewekne, tapi uga disuplai nggo sesama tukang sablon.
Uniké, masa pandemi sing gawe ajur sektor usaha, malah dadi momentum bangkite Berkah Sablon. Mérga nduwe basis pelanggan lan reseller sing wis ana nang kota, pesenan tetep ana bae.
“Inyong malah kaget. Nang masa pandemi, wong-wong tetep ana baé sing pesen kaos,” akuné karo mesem.
Dheweké malah tau ditekani personel gugus tugas Covid-19 merga kiosé sering buka nganti wengi lan ramé. Alesané sederhana, dheweké lagi lembur ngrampungna pesenan dibatiri kanca-kancané.
Nglayani Pesenan Gedhé lan Inovasi Nggo Bersaing sing Sehat
Kapercayaan diri Aziz makin diuji pas dheweké mulai nampa pesenan-pesenan gedhé sekang komunitas, kaya kumpulan guru lan komunitas mobil, sing kudu nduwe modal gedhé. Sempat keder, tapi berkat support moral lan disilih utang modal sekang kanca-kanca, pesenan gedhé kuwé beres lan bisa dirampungna. Sekang kéné, semangat lan harapane Aziz tambah gedhé. Dheweké mbuktékna, yèn wirausaha pas pandemi njeblug kuwé dudu alangan.
Kaitane karo pemasaran, dheweké manfaatana jaringan pertemanan, reseller, lan media sosial. Promosi online sing dilakoni malah nganti bisa ulih pelanggan sekang buruh migran Indonesia. Siki akeh sing dadi langganan tetap nggaweni sablon kaos custom. Soal pengiriman meng luar negri, ndewekne titip lewat jasa pengiriman swasta.
Nang tengah kesuksesané siki, Aziz ora lali karo tantangan anyar, akéhé tukang sablon satuan, kususé nang wilayah Cipari lan sekitare. Dheweké milih ora nganggep wong-wong anyar kuwé dadi musuh.
“Angger bisa bersaing sing sehat, nangapa ora? Malah kiyé dadi tantangan nggo inyong ben terus muter utek, berinovasi, lan aweh nilai lewih ben produke nyong tetep dadi pilihan konsumen,” tegasé.
Critane Aziz bisa nggo pelajaran, nggelet kesuksesan kuwé pancén akeh alangan, sekang risiko metu kerjaan sing wis kepenak, gagal meng Jepang, nganti tekané pandemi. Tapi, jere Aziz, senajan alangané béda-béda, ana kesamaan nggo ngadhepi yakuwe sabar lan konsisten.
“Sabar, tetep konsisten, lan terus sinau lan berinovasi. Kuwé kunciné,” pungkasé Aziz, karo nata kaos-kaos pesenan.






