Atusan siswa nang Kecamatan Cipongkor, Bandung Barat keracunan massal. Bar kuwe pemerintah Kabupaten Bandung Barat resmi netepna status Kejadian Luar Biasa (KLB).
Peristiwa kiye jere sekang menu panganan program Makan Bergizi Gratis (MBG) sing dipangan siswa nang puluhan sekolah, Senin (22/9/2025).
Bupati Bandung Barat Jeje Ritchie Ismail negesna langkah kiye penting men penanganan bisa dilakukna cepet lan menyeluruh.
Bar status KLB ditetepna, Pemkab Bandung Barat ngerahna tenaga medis lan koordinasi karo dinas terkait nggo fokus meng penanganan korban.
Dilansir sekang Kompas.com, tekan dina Selasa esuk, kondisi siswa wis mulai pada pulih. 225 korban wis dikon bali. Berdasarkan data sing ana tekan dina Selasa esuk ana total 364 korban sing terdampak.
Bupati Jeje mastikna Pemda ora meneng bae ngadepi masalah kiye lan terus ndampingi para korban.






