Janji DPRD Cilacap Ora PHP, Saeful Mustain Tekan Cipari Gawe UMKM Makin Mantap

Cilacap – Janji politik ora mung nang kertas, nanging dibuktikna. Ketua Fraksi PKB DPRD Cilacap, Saeful Mustain, resmi tekan Kecamatan Cipari teka melu nyengkuyung ning kagiyatan Bimbingan Teknis (Bimtek) Inovasi Pengemasan Produk UMKM karo Pengembangan Usaha (18/9) nang aula kantor kecamatan Cipari kabupaten Cilacap.

Nang acara sing ngumpulna 80 pelaku UMKM sekang Desa Cipari, Serang, lan Mulyadadi kiye Saeful Mustain ngomong nek UMKM dadi benteng paling kuat pas ekonomi gonjang-ganjing, kaya wektu pandemi Covid-19. “Tanpa UMKM, ekonomi negara iso kolaps. Makane UMKM kudu bener-bener dijaga,” ujare karo semangat.

Ora mung ngomong tok, Kang Tangin, sing dadi paraban akrabe, uga ngaweh fasilitas alat pambungkus utawa pengemasan sing modern, kayata sealer lan vacum, ben supayane produk lokal tampil luwih mlenis kinyis-kinyis lan gampang dipasarkan. Dheweke nyebut gie bukti nek janji wektu kampanye bener-bener ditepati, ora mung PHP.

Camat Cipari, Bapak Kusnadi sing melu teka ng acara uga ngapresiasi langkah kiye. Dheweke ngelingna nek pemasaran karo kemasan ya iku kunci utama nang UMKM. “Rasa kudu enak, kemasan ya kudu apik. Ora isa mung salah siji sing unggul,” tegesé.

Kang Tangin nerangna nek acara gie yaiku wujud program aspirasi saka dheweke marang Dinas Perdagangan, Koperasi, Usaha Kecil lan Menengah (DPKUKM). “Gie ora mung bantuan wanci tertentu, tapi program strategis sing kudu terus digawa ben UMKM iso maju lan mandiri,” jelasé.

Sekretaris DPKUKM, Endah Widiyati Kusuma Ningrum, uga nerangake nek UMKM kuwi sejatiné pengusaha lan bos. Pemerintah ora mung bantu modal, tapi uga aweh pelatihan ngasah skill, nglengkapi legalitas (NIB, PIRT, sertifikat halal), lan promosi supaya usaha iso nyebar luas.

Produk unggulan Cipari sing ditampilna antarane kaya olahan gedang, olahan budin, kambi mocaf. Acara pelatihan gie tema sing diangkat yaiku “Kemasan Menawan”, karo nekokne narasumber Tri Wahyu Sungkowo sing wis ahline nang bidang kemasan produk.

Nang Acara gie uga ana penyerahan bantuan secara simbolis kanggo UMKM saka telu desa: Cipari, Serang, lan Mulyadadi.

Intine, UMKM Cipari siki tambah mantap. Janji DPRD Cilacap wis dibuktikna, liwat program aspirasi sing disalurke Bapak Saeful Mustain marang DPKUKM, UMKM ora mung didongakke, nanging bener-bener disengkuyung supaya iso gaspol nganti jadi bos tenan.(Y)

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *