UMKM nang Cipari Didukung kon Maju Berkembang

Ngapak.net – Cilacap. 80 pengusaha UMKM sekang Desa Cipari, Serang, lan Mulyadadi dikumpulna nang aula Kecamatan Cipari merga ana acara Bimbingan Teknis (Bimtek) Inovasi Pengemasan Produk UMKM karo Pengembangan Usaha, Kemis (18/9).

Pertemuan kuwe uga sekalian nyerahna fasilitas alat pambungkus utawa pengemasan modern, kaya sealer lan vacum, men produk lokal tampilane lewih apik, kinclong kinyis-kinyis, lan gampang dipasarna.

Bacaan Lainnya

Dadi, anane acara kiye program sekang aspirasine Anggota DPRD Cilacap, Saeful Musta’in. Deweke nggandeng Dinas Perdagangan, Koperasi, Usaha Kecil lan Menengah (DPKUKM).

“Gie program strategis sing kudu terus digawa ben UMKM iso maju lan mandiri,” omonge Saeful Musta’in.

Kang Tangin, utawa Saeful Mustain nambaih, nek UMKM kuwe dadi benteng paling kuat pas ekonomi gonjang-ganjing, kaya pas wektu pandemi Covid-19.

“Nek langka UMKM, ekonomi negara iso koleps. Makane UMKM kudu bener-bener dijaga,” ujare karo semangat.

Camat Cipari, Kusnadi, uga ngapresiasi langkah kiye. Dheweke ngelingna nek pemasaran karo kemasan guwe kunci utama nang produk UMKM. Seliane rasa enak, kemasane ya kudu apik.

Sekretarise DPKUKM, Endah Widiyati Kusuma Ningrum, uga njelasna, nek pemerintah ora mung mbantu arupi modal, tapi uga skill, legalitas (NIB, PIRT, sertifikat halal), lan promosi supaya usaha iso meluas. Jos tenan!

Nang acara kuwe, kleresan alias kebetulan ana produk unggulan sekang Cipari sing dipampangna yakuwe olahan Gedhang, olahan Budin, lan Tepung Mocaf.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *