Margasari, Sidareja – Kepala Desa kambi jajaran perangkat desa ngunjungi kelompok Penghayat Kepercayaan marang Tuhan Yang Maha Esa nang wilayah Desa Margasari Kecamatan Sidareja, Senin (29/9/2025) bengi.
Kunjungan sing dianakaké neng Gedung Sanggar Seni Ngudilaras kuwe katekanan kurang luwih 40 anggota sing pada mélu dadi kelompok penghayat neng wilayah kono.
Kegiatan kuwi tujuane kanggo nyerap aspirasi sekaligus ngencengi paseduluran antarane pemerintah desa karo kelompok penghayat sing nganti saiki melu njaga adat lan budaya Jawa.

Nang sambutane, Samingun matur syukur bisa silaturahmi karo kelompok penghayat. Dheweke duwe kekarepan anané kelompok kuwe bisa dadi bagean sekang program Desa Wisata lan Kebudayaan nang Margasari.
“Senajan kelompok penghayat kuwi minoritas nang desa, aku tetep ngarepke bisa dadi organisasi sing berkualitas lan dadi contho njaga kabudayan, utamane budaya Jawa,” ujare Samingun.
Dheweke uga nambahi, kelompok penghayat kuwe bisa melu nang bidang ekonomi desa lewat kerjasama karo BUMDes, salah sijine neng sektor peternakan, ben warga Desa Margasari luwih mandiri secara ekonomi.

Seliyane kuwe, Mbah Risyadi selaku sesepuh kelompok penghayat nyambut apik kehadirane pemerintah desa. Dheweke negeske pentinge njunjung Pancasila lan Bhinneka Tunggal Ika nalikane urip bermasyarakat.
“Aku rumangsa seneng lan bangga, nek Penghayat Kepercayaan saiki wis diakoni pemerintah. Tugase awake dewek mung kari njaga kerukunan, nglestarekake budaya, lan padha urmat – ngurmati,” ujare.
Onde, Ketua Sanggar Seni Ngudilaras uga matur senada. Seliyane kuwe, Dheweke ngarepna sanggar sing dikelola isa dadi pusat pelatihan lan pendidikan adhedhasar kabudayan kanggo kabeh kalangan.
“Sanggar budaya iki dudu mung duweke kelompok penghayat, nanging kebukak kanggo kabehan. Sapa bae isa sinau karawitan, seni tari, utawa sastra Jawa,” ujare Onde.
Dheweke uga nambahke, sawisé sanggar seni oleh pengakuan resmi sekang Dinas Kebudayaan, dheweke ngarep pemerintah desa gelem ndhukung sarana lan prasarana ben nyambung karo program Desa Wisata lan Kebudayaan.
Kanthi anané kunjungan iki, Pemerintah Desa Margasari negesna komitmené kanggo ngrangkul kabeh elemen masyarakat, kalebu kelompok penghayat kepercayaan, demi njaga kerukunan, nglestarekake budaya, sekaligus nyurung kemandirian ekonomi desa.






