Kewajiban Kolektif Njaga Citra Kiai lan Pesantren

Ngapak.net – Durung suwe kie, ana tayangan sing isine narasi négatif maring kiai lan pesantren, langsung nggawe kaget lan kesuh wong akeh. Sw tenan…

Kedaden kaya kie dudu mung insidén konten biasa, tapi dadi kaca nggo ndeleng kepriwe informasi lan pandangan kuwe dibangun neng ruang publik, karo apa dampake maring institusi sing wis duwe sejarah penting neng Indonésia.

Bacaan Lainnya

Inyong mbeling-mbeling kaya kie juga santri. Nyong ngrasa kesuh banget lan sedih. Jangankan roan, kaya dawuhe Gus Kautsar neng vidéo sing mèlu-mèlu viral, jangankan mèlu roan, kiai (guru) lagi mlaku bae, nek misale sirahku dijaluk nggo dhasaran sikilé, ya tek lakoni.

Pancén nek sampean sing udu santri ngaranine keton goblok ya! Tapi tek akoni, guru, kiai, lan pesantren kuwe dadi lembaga sing mbentuk inyong dadi lewih apik, bisa sinau ngajéni wong liya, ngormati wong tuwa, lan sing jelas dadi ngerti nilai-nilai Islam.

Wis lah, akoni bae Kiai lan pesantren wis suwe dadi garda terdepan neng babagan pendidikan karakter, nyebar nilai-nilai moderasi beragama, lan njaga tradisi keilmuan Islam.

Makane kuwe, angger ana narasi sing ngrendahna utawa nyudutna kiai, ya wajar angger akeh réaksi sekang berbagai kalangan, khususe inyong, santri tulen hahaha… Réaksi kie dudu mung bentuk solidaritas, tapi uga tanda pentinge posisiné kiai lan pesantren.

Metune konten kie nggawe pitakonan penting soal apa motivasine lan standar ètika sing dianut nang sing nggawé konten. Apa kie hasil ketidaktahuan, kurang riset, apa pancen ana agenda sing lewih gede lan berbahaya? wallohualaam

Ora preduli apa motife, tapi dampake sing ditimbulna yakuwe potensi rusake citra lembaga sing wis akèh kontribusine nggo negara kie. Lha, jaman mbien kiai karo pesantren mbok melu ngusir penjajah? Melu berjuang. Lah yakuwe…

Siki, nggo pembuat konten sing isine babagan agama, iki dadi tantangan. Aja nganti angger nyajikna isu-isu keagamaan neng média, akeh narasi sing miring, padahal urung reti alsine. Ya minimal riset disitlah.

Kecaman sekang santri utawa organisasi Islam isine desakan maring pihak berwajib kon segera ditindak. Neng masarakat démokratis, kebebasan berekspresi pancen dijamin, tapi ora absolut lan kudu imbang karo tanggung jawab.

Nyebar narasi sing potensi provokasi utawa ngrendahna klompok utawa institusi, apamaning sing duwe nilai sejarah lan sosial dhuwur, mbutuhna pertimbangan ètis sing tliti.

Kedaden kie kuduné dadi momentum nggo dhéwék kabeh ngréflèksikna kualitas konten sing nyebar neng ruang publik. Dudu mung soal penegakan hukum, tapi uga soal nambahi literasi média neng masarakat supaya lewih kritis angger nyaring informasi. Aja asal caplok!

Kanggo para konten kreator, kie dadi peringatan kon lewih tanggung jawab lan tliti angger nyajikna materi, utamane sing ana hubungane karo isu-isu sènsitif kaya agama lan budaya. Opini publik sing kebentuk sekang narasi négatif kaya kuwe bisa duwe konsekuensi jangka panjang sing ngrugikna. Inget kuwe!!!

Aswlah. Ngomong apa jane nyong! Hehehe~

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *