CILACAP – Suasana Balai Kecamatan Cipari dina kue rame tenan pas aring dina Selasa (30/9). Ana puluhan wong teka, padha semangat nampa bantuan peralatan usaha sing digelar dening Dinas Ketenagakerjaan lan Perindustrian (Disnakerin) Kabupaten Cilacap liwat dana APBD taun 2025. Ora tanggung-tanggung, ana 70 wong peserta kan aring pitung Kelompok Usaha Bersama (KUB) sing kecatut program gie.
Bantuane ora mukur barang tok tapi juga pelatihan. Pelatihané pun ora mung teori, nanging langsung kambi praktik. Terutama sing ulih bantuan nggo dadi kreator konten kuwi bakal di latih cara nganggo alat lan cara nggawe konten, mergane ditekakna instruktur kan aring LPK Media Komputer Sidareja, wong sing wis kompeten tur nduwe sertifikat resmi. Dadi peserta ora mung ngerti, nanging langsung bisa nggawe konten sing isa dadi duit.
Bantuané macem-macem, dicocokna karo kebutuhan kelompoké. Kanggo kelompok konveksi misale, ulih mesin jahit, obras, lan sejenise. Kanggo kelompok kreator, ulih ana kamera mirrorless, tripod, gimbal, nganti mic wireless. Kelompok pertukangan ora kalah, ulih mesin bor, gerinda, gorok, planer, tekan pahat kayu. Pokoké lengkap.
Camat Cipari, Kusnadi SIP, MM, sing melu nang aca kiye, ngelingna supaya bantuan gie dijaga bareng-bareng. “aja mung setahun rong taun wis rusak. Nek dijaga apik, isa awet tekan puluhan taun. Muga-muga usaha panjenengan kabeh tambah maju, omseté tambah gedhé, sing maune 2-3 yuta dadi 10 yuta saben wulan,” ujare karo semangat.
Seliyane kue, Endah Sadyorini R W, SH., MH., Kabid Penempatan, Pelatihan, Produktivitas Tenaga Kerja, karo Transmigrasi Disnakerin Cilacap, nerangna nek kegiatan gie dadi cara pemerintah kanggo ngurangi pengangguran karo kemiskinan. “Gie bantuan murni kan pemerintah, dudu kan partai politik. Dinei men masyarakat bisa luwih mandiri tur sejahtera,” tegesé.
Program gie dadi bukti nek pemerintah ora mung omong tok. kan mesin jahit nganti kamera digital, saka bor nganti gimbal, kabeh diwekna ben wong-wong Cipari nduwé modal anyar. Nang tengah angelé ekonomi siki, semangat warga Cipari wis nidokna nek wong desa be siap maju, ora mukur nggo awake dewek tapi nggo masa depan bareng-bareng seduluran.






