Ngubah Imajinasi lan Nambahi Rega Limbah Jati sekang Pojok Desa Purwasari Wanareja

Mamang, Paman berkacamata sing nduweni imajinasi tingkat sanga nang dunia kreasi kayu.(Rachman/Ngapak.net)

Ngapak.net, Wanareja – Esuk kuwe, Rebo 15 Oktober 2025, aku mlaku nyusuri pinggiran Kecamatan Wanareja, tepate neng Desa Purwasari, sengaja arep maring umah lan bengkel “Erakayu“, salah siji usaha kerajinan kayu sing unik nang kana.

Neng kana, aku disambut apik nang sing duwe, Mamang Top (41) jenenge, pria sing mbuktekna nek kekurangan keahlian nang suatu hal kuwe dudu halangan gawe utawa nyiptakna peluang lan kesempatan ulih penghasilan duwur.

Bacaan Lainnya

Pas mlebu ruang tamu cilik nang umaeh Mamang, ambune langsung nggawe rasa seneng. Ruangane rapih, kebek hiasan nuansa kayu sing estetik. Mambune wangi essen (pewangi) seger nyampur karo mambu khas kayu. Pancen adoh sekang mambu rokok, lah kuwe sing gawe nyong segan ngetokna rokok samsu nang njero sak, walhasil sedawane ngobrol, nyong ora udud.

Ora basa-basi, Mamang nyambut, lan ora suwe, Rong cangkir kopi anget nambahi semangat metu.
Seruputan kopi dadi awalan crita perjalanane Erakayu, sing resmi ngadeg taun 2017.

Sekang Marketing Herbal tekan Maestro Imajinasi Kayu

Mamang Top, kaya kuwe deweke biasane diceluk. dudu lulusan seni utawa pengrajin kayu kawakan. Deweke mung wong biasa sing tau aktif nang BUMDes Desa Purwasari disambi ngisi wektu luange dadi marketing produk herbal neng wilayahe.

Titik balike diawali pas deweke aktif ngunggah produk herbal lan produk lokal, utamane produk sikat sekang sabut kelapa sing dadi produk andalan nang Desa Purwasari maring media sosial, utamane Instagram. Sewijining wayah, unggahan sikat sabut kelapane kuwe mau narik perhatiane wong sekang Bali.

Erakayu tau melu dadi finalis AKI (Apresiasi Kreasi Indonesia).(Rachman/Ngapak.net)

“Awalé deweke njaluk (pesen) sikat WC sing nganggo gagang. Nang aku tek tukokna barange tapi gagange udu sekang kayu tapi sekang plastik, tek poto, terus tek kirimna. Tapi jebule dudu kaya kuwe sing dikarepna. Wong kuwe terus aweh contoh poto sekang produk luar negeri,” ujare bapak anak loro kuwe karo ngeling-eling.

Momen kuwe sing dadi titik balike Erakayu. Mukur modal keyakinan, Mamang nyanggupi panjaluk kuwe. Deweke langsung koordinasi karo kanca sing dadi tukang kayu lan pengrajin sikat, terus gawe produk sing padha karo contone. Usaha kolaborasi dadakan kiye ngasilna, lan wong Bali kuwe setuju, terus pesen.

Kerjasama kuwe mlaku suwe, wulanan. Sekang kuwe filosofi bisnis Erakayu kebentuk, yakue Didasari Pesenan lan Imajinasi. Erakayu urung pernah njajal masarna produk dewek, kabeh produksine didolna nang reseller.

“Aku tau njajal mbayar wong kon dadi marketing, tapi gagal. Akhire aku mutusna penjualan produk Erakayu didasari sekang pesenan bae. Yambuh nek mbesuk-mbesuke,” jelase Mamang.

Anane Katalog Kuwe Hasil Imajinasi

Erakayu lair tanpa produk khusus sing dadi andalan lan digawe stok akeh. Kawit awal, bisnis kiye maju sekang sistem made-to-order, utawa barang digawe mung nek ana pesenan sekang pelanggan, lan produk-produk sing dihasilna malah didadekna dadi kataloge Erakayu.

Produke Erakayu sing awale sekang imajinasine Mamang, terus berkembang-berkembang dadi akeh jenise.(Rachman/Ngapak.net)

“Erakayu meh ora duwe produk khusus gaweane dewek. Akeh-akehe daptar gambar prodak sing ana kuwe kabeh sekang pesenan hasil imajinasiku. Contone, inyong gawe gambar dolanan gajah terus nyong posting. Ana sing seneng, terus digawe produk, gawene ya sesuai karo penjalukane konsumen. Terus ana panjalukan maning digawekna bentuk liyane. Dadi kaya kuwe kurang luwih alure, sering-seringe mancing imajinasi,” jare Mamang njelasna.

Alur kerja kiye sing ndadekna Mamang kudu terus ngasah imajinasi. Deweke mancing panjalukane pasar karo gagasan-gagasan bentuk kerajinan kayu sing unik. Tekan siki, Erakayu wis ngasilna macem-macem bentuk kerajinan, mbuktikna bahwa model bisnis sing didorong sekang imajinasi bisa berhasil narik minat utawa bisa ngasilna income sing dhuwur.

Limbah Jati lan Kesempurnaan kang Dienteni

Lanang kang nganggo kacamripat kuwe duwe prinsip sing kenceng. Deweke ora gelem diarani berinovasi sekang kayu, cara Mamang, deweke mukur mangfangatna limbah kayu Jati. Jati dipilih jalaran sifate sing atos, gampang dibentuk, tur nduwe nilai ekonomi dhuwur. Tujuane yakuwe ngubah bongkahan limbah kayu biasa, dadi produk sing berguna, nambahi value, lan dadi duwe nilai jual.

Tapi, fokus maring limbah munculna tantangan unik. Limbah kayu, mestine ora sampurna, mungkin duwe cacat alami utawa bolong bekas olahan sedurunge. Tapi, pengarepane konsumen maring produk Erakayu kuwe justru nuntut kesempurnaan tanpa cacat. Mamang ngerti babagan kiye lan terus ngupayakna bahan baku sing kadang cacat kuwe tetep bisa dikelola diolah men tetep keton sempurna.

Saiki, Erakayu nduwe rewang papat sing khusus menggawe dadi pengrajin nang bengkele. Tapi bisa nambah nek pesenane akeh. Mamang due duwe wong sing isa diceluk sewektu-wektu nek pesenane mbludak. Seliane kuwe, ora kurang sekang 10 wong sing dadi reseller nyebar nang kota-kota gedhe. Jangkauan pemasarane malah wis maring internasional, senajan dudu liwat jalur ekspor langsung. Tapi, ndilalah salah siji resellere deweke yakuwe diaspora (wong Indonesia sing manggon nang luar negeri) nang Amerika, sing ngurusi kabeh proses pengiriman lan pengiriman meng luar negeri sampe tekan siki.

Keterbatasan lan Harapan Bisa Melu Pameran Nasional

Nang proses produksi, kendala sing paling dirasa Mamang kuwe dudu perkara bahan baku utawa ide, tapi alat sing kurang lengkap. Saben ana penjalukan bentuk produk anyar, alat-alat kuwe kudu diutak-atik maning, disetel, utawa dimodifikasi kabeh kanggo nyukupi kebutuhane gawean.

“Penjalukan produk anyar mesti nambah terus, dadi ya pinter-pinterku kudu ngondisikna alat,” jarene.

Tapi, dheweke ndeleng kuwe ora dadi kendala sing ngerepotna, mung dadi tantangan sing kudu diadhepi karo sabar.

Mas Mamang Top ngomongna pangarep-arep gede maring pemerintah, yaiku ben diwei dalan nggo melu pameran ning tingkat nasional. Dheweke yakin, segmen pasare Erakayu sekang produk unike nduweni daya tarik luwih amba ora mukur nang pasar lokal.

Pas adzan Dhuhur ngumandang, obrolane dewek mandeg sedela. Bar kuwe kopine disruput kabeh terus aku pamitan, ninggalna bengkel sing kebak crita kepriwe limbah kayu jati ning Desa Purwasari diolah nang Mamang Top dadi usaha kerajinan sing didorong sekang kakuatan imajinasi.

Mamang mbuktikna nek ternyata batesan kemampuan ora dadi alangan nggo njiot kesempatan sing ana. Awale deweke ora ahli kayu, udu tukang kayu apa maning juragan kayu jati. Tapi bisa ngolah limbah sekang kayu jati dadi produk sing rega dodolane duwur. Apamaning bisa dadi penguripan nggo dewek lan wong liya.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *