Tasya Romidah, Cah 20 Taun Sukses Mbangun Toko Kue Pas Pandemi Covid-19

Singgih lagi milih-milih roti. Tapi mbuh tuku mbuh ora kuwe.(Rachman/ngapak.net)

Sidareja, Cilacap – Awan-awan ketambahan suasana nang ngarep ruko cilik neng Kecamatan Sidareja katon rame karo lalu-lalang motor lan mobil. Sekang njero ruko sing resik lan wangi, ambune roti anyar metu sekang oven nyebar nganti njedhul lawang. Nang mburine etalase, ana cah wadon Sidareja, nyambut tamu karo mesem ramah –yakue Tasya Romidah (20),– sing saiki nduweni toko kue sing jenenge “Family Cooking.”

Tim Ngapak.net bareng Tasya neng pojokan toko, karo ngopi lan disandingi bungkusan roti mandan gaweyane Tasya dewek, pas ditekani dina Minggu (5/10). Nganggo gaya alus lan ngguyu isin-isin, Tasya mulai nyeritakna perjalanan awal dheweke nggawe usaha roti nganti tekan siki.

Bacaan Lainnya

 

Awalane Gara-gara Pandemi

Tasya ngawali usaha kuwe taun 2020, wektu isih sekolah neng SMA Negeri 1 Cipari kelas 1. Wektu kuwe, pandemi Covid-19 nggawe sekolah ditutup lan kabeh siswa kudu sinau neng omah. Nah sekang kahanan kuwe malah dadi awal mulaine rejekine Tasya.

“Waktu kuwe aku bosen neng omah. Akhire nyoba-nyoba nggawe kue terus tak dol marang kanca-kanca lan tangga,” ujare karo mesem.

Tasya, anak mbarep sekang 3 (telu) sedulur, mbiyen mung niat ngisi wektu. Tapine sapa nyana, sekang hobi nggawe kue, saiki dheweke nduweni toko roti sing rame lan akeh resellere.

Salah siji prodake Tasya.(Rachman/ngapak.net)
Sinau Sekang Nol Lewat YouTube

Tasya crita, wektu pertama nyoba nggawe kue, dheweke durung pinter babar plotas. Nanging semangate ora kendo. Dheweke sinau otodidak liwat YouTube lan media sosial kanggo ngembangana skill lan variasi roti.

“mbien kuene bentuké urung werna-werna,” ujare karo ngguyu cilik. “tapi aku terus sinau, saben dina nonton video nganti saiki bisa nggawe macem-macem kue kaya roti kering, kue basah tekan brownies.”

 

Dukungan Keluarga lan Didikan Bapak

Siki Tasya direwangi nang ibune nggo produksi. Dheweke crita, biyen ibune sempat merantau neng luar negeri pas Tasya isih SD. Dheweke urip bareng bapak lan adik-adike neng omah.

“Bapak kuwi wongé disiplin, malah rada galak,” ujare Tasya. “Nanging sekang kuwe, aku sinau dadi wong mandiri, ora ulih males-malesan.”

Didikan sing tegas kuwe sing nggawe Tasya dadi tangguh nganti saiki. Senajan dheweke ngakune wongé introvert, Tasya tetep bisa ngadepi pelanggan lan para reseller kanthi apik. Nah kue sebabe, Tasya ora gelem difoto mulane langka fotone.

 

Sekang Hobi Dadi Penguripan

Wis limang taun usaha roti iki mlaku. Tasya wis bisa nyewa ruko dewek neng Sidareja, duwe pelanggan tetep, lan reseller sing nyebar nang ndi-ndi ora.

“Strategiku sederhana bae,” ujare. “Regane tek padakna, antara rega adole toko karo reseller ora ana bedane. Reseller ana bagian komisine, kabeh pada ulih untung, kabeh pada seneng. Sing penting tetep njaga kualitas.”

Sekang hasil usahane, Tasya wis bisa tuku motor kes alias kontan, mbantu ekonomi keluarga, ndandani umah, lan bisa nyukupi kebutuhan keluarga saben dina.

Sudut ruangan nang kiose Tasya. (Rachman/ngapak.net)
Toko “Family Cooking” lan Harapan Gedhe

Jeneng toko kiye, “Family Cooking,” ora mung sekadar jeneng bisnis, tapi ana makna lan pangarep-arep sing jero.

“Kepenginku, usaha kiye bener-bener dadi usaha keluarga. Ora mung kanggo kebutuhan saben dina, tapi bisa dadi luwih gedhe lan manfaat kanggo wong liya,” ujare semangat.

Saiki ibune bantu produksi, direwangi ibune nang bagian produksi, Tasya fokus ngembangana produk anyar lan promosi. Dheweke duwe impén-impén nek mengko Family Cooking bisa buka cabang neng pirang-pirang daerah lan dadi usaha sing bisa ngangkat kesejahteraan keluarga.

 

Cita-cita Sing Malah Ganti Arah

Tasya ngakoni, biyen cita-citane pengin dadi guru. Tapi seiring waktu malah berubah dheweke dadi pengusaha. “Aku mbiyen kepengin dadi guru, tapi saiki malah dadi pengusaha,” ujare karo mesem-mesem.

Siki, Tasya kepengin usahane tambah maju. Sukur-sukur bisa mbantu wong-wong lia sing pengin dadi reseller men dadi due pemasukan.

Pas ditakoni apa tantangan paling angel, Tasya njawab jujur, “Rasa males nek lagi keselen. Kuwe musuh paling abot. Tapi nek kelingan tujuan, semangatku muncul maning,” ujare Tasya nutup obrolan, pas ndilalah ana pelanggan anyar mlebu meng tuku roti.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *