Ngapak.net, CILACAP – Wong telu pelaku sing ternyata residivis maling mobil, akhire bisa dicekel nang polisi. Siki, wong telu kuwe dicekel gara-gara bar nyolong lima karung gabah duweke petani nang Cipari, Kabupaten Cilacap, Jawa Tengah.
Telu tersangka kuwi inisiale AS, HF, karo RJ. Terungkape kasus kiye diwiwiti sekang laporan warga Cipari sing kelangan gabah lima karung, utawa kira-kira 200 kilo, nang akhir wulan Agustus wingi. Gabah kuwi dicolong pas disimpen nang ngarep umah korban bar dipepe.
Kapolresta Cilacap, Kombes Budi Adhy Buono, njelasna pas kedadean nyolong gabah, pelaku nganggo mobil Daihatsu Cayla. Lah ndilalah, pas konangan karo warga, salah siji pelaku panik lan dompete mbrojol alias tiba nang lokasi pas dheweke kesusu mlayu ming mobil.
“Gabah kuwi nembe bae rampung dipepe, disimpen nang ngarep umah. Pas lagi nglakokna aksi, wong-wong kuwi konangan, lan salah siji pelaku dompete tiba gara-gara kesusu munggah mobil,” kandhane Kombes Budi, kaya sing dilansir kompas.com.
Modal sekang KTP sing ketinggalan nang dompet kuwi, polisi cepet bae ngidentifikasi lan bisa nyekel salah siji pelaku inisial AS, sing sempet minggat meng luar kota. Bar AS kecekel, rong tersangka liyane, HF karo RJ, ya melu didemek.
Nang demekan pelaku kuwi, polisi uga nyita mobil Daihatsu Ayla plat nomor B 1857 NZG sing digawe nglakoni kejahatan. Para tersangka ngaku menawa gabah sing dicolong wis didol.
Merga perbuatane kuwi, telu pelaku diancem nganggo Pasal 363 Kitab Undang-Undang Hukum Pidana (KUHP) babagan pencurian kathi pemberatan, lan diancem ukuman paling suwe 7 (pitu) taun penjara.






