Waduh!!! Pasien Cuci Darah Nang RSUD Cilacap Nambah, Sing Enom Mulai Akeh

Hemodialisis : Prosedur Vital nggo Pasien Gagal Ginjal. ( foto : ilustrasi )

Ngapak.net – Jumlah pasien hemodialisis (HD) utawa cuci darah nang RSUD Cilacap jan terus-terusan mundhak. saben wulane, rumah sakit kiye rata-rata ngladeni 1.400 nganti 1.700 pasien.

Pasien paling enom sing siki esih njalani HD umure 22 taun, terus sing paling tuwa umure 80 taun. Malahan nang taun 2023 tau ana pasien umur 16 taun wis kudu ngumbah getih, nanging saiki wis sedha (meninggal).

Bacaan Lainnya

“Jaga pola urip sehat kuwe sing paling penting kanggo kesehatan ginjal. Luwih becik aja kerep-kerep ngombe inuman sing ana warnane lan sing ana sodane amarga kuwe bisa micu watu ginjal. Soale nek wis tiba maring gagal ginjal, ya kudu ngumbah getih sedawane urip,” ujare dr. Kelly Kuswidi, plt. Direktur RSUD Cilacap dilansir sekang radarbanyumas.disway.id.

Akeh-akehe pasien ginjal kiye ndadekna RSUD Cilacap terus usaha ngundhakna kualitas pelayanan. Salah sijine yaiku nyiapna nambah shift ketelu nang poli penyakit njero lan urologi.

Shift ketelu kiye rencanane kanggo nopang mundhake pasien HD. Tapi, awak dewek isih ngenteni persetujuan lan kesiapan SDM-e,” jarene dr. Iip Pamuji, Kepala Bidang Pelayanan Rawat Jalan, RSUD Cilacap.

Seliyane kuwe, RSUD uga bakal terus ngoptimalna terapi Continuous Ambulatory Peritoneal Dialysis (CAPD) dadi pilihan liyane kanggo pasien cuci darah. Edukasi terus giatna ben pasien bisa luwih ngerti kemudahane CAPD.

Terapi kiye ngijini pasien nindakna proses nyaring cairan awak dhewekkan nang omah, dadi ora kudu kerep maring rumah sakit.

“CAPD bisa dadi pilihan sing pas kanggo pasien sing mobilitase dhuwur utawa sing angel ngakses layanan HD rutin. Awake dewek terus ngupaya ngluasi edukasi lan pendampingan ben masyarakat paham karo pilihan kiye,” tambahe.

Pihak RSUD Cilacap ngarep-arep, seiring karo mundhake layanan lan edukasi masyarakat babagan pola urip sehat, angka kasus gagal ginjal nang wilayah kene, khususe Kabupaten Cilacap, bisa luwih dipres maning.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *