Ngapak.com – Divisi Profesi lan Pengamanan (Propam) Polri ngluncurna layanan digital nggo nggampangna wong laporan angger ana polisi sing nglanggar aturan.
Wong-wong mung cukup mbukak https://yanduan.propam.polri.go.id/ utawa nyecan QR Code sing ana nang platform resmine Propam Polri nggo ngirim aduan cepet lan aman.
Layanan digital kiye gagasané Kadiv Propam Polri Irjen Pol Abdul Karim awujud transformasi layanan publik maring sistem pengawasan publik sing lewih transparan.
“Cukup scan barcode, isi identitas, kronologi, lan bukti-bukti pendukungé. Laporan langsung di tampa, lan kerahasiaan pelapor dijamin aman,” jare Kabid Propam Polda Metro Jaya Kombes Pol Radjo Alriadi Harahap nang keterangan tulisan, Setu (18/10/2025) kaya sing dikutip sekang Kompas.com.
Tahapan pengaduan sing kudu diisi kuwe ana identitas pelapor, kronologi kedadian (tanggal, panggonan, lan crita kedadiané), uga bukti pendukung kaya foto utawa dokumen, terus disimpen laporané.
Bar laporan dikirim, pelapor bakale nampa nomer pengaduan nggo mantau perkembangane penanganan liwat fitur “Cek Status Pengaduan.” Program kiye dikarepna nguatna kepercayaan publik maring institusi Polri, utamané nggo negakna disiplin lan kode etik nang lingkup internal.
“Propam Polri terus usaha nggo ngaweh layanan pengaduan sing gampang diakses wong akeh, karo mastikna saben laporan ditangani cepet lan profesional,” ungkap Radjo.
Kambi tagline “Scan – Lapor – Beres!”, Propam Polri komitmen aweh layanan sing aman, transparan, lan njamin kerahasiaan pelapor nang saben proses pengaduan.






