Semangat Khasan Saekhani, Ketua RT sing Gelem Mbangun Potensi Lewat KWT

Fotone Khasan pas nang acara lomba pitulasan karo cah nom-noman. (Dok. Pribadi/FB. Khasan Saekhani)

Cipari, Cilacap – Nang tengah rintik udan sing ngguyur Kecamatan Cipari, mobil pick up mandeg, rodane selip nang dalan sing lunyu. Wong lanang ijig-ijig metu ndeleng kejadian kuwe, yakuwe Khasan Saekhani (37), Ketua RT 06 RW 02 Dusun Ciwunung Desa Mulyadadi. Kejadian cilik kiye malah dadi crita gedhe kaitane kepedulian lan komitmen Ketua RT enom nggo memberdayakna wargane, utamane liwat Kelompok Wanita Tani (KWT) Al Hasanah sing siki gawe macem-macem keripik sekang bahan baku singkong karo gedhang.

Omongan sing sempet kepotong merga ana pick up mandeg kuwe malah nggawa maring fakta sing nyenengna uga ngagetna. Jebule, Khasan lagi ngurug lemah bekas empang sing ambane 30 ubin, lan wis entek lewih sekang 200 colt lemah urugan. Kalingane, lemah kuwe disiapna nggo agan dapur lan lokasi produksi KWT Al Hasanah sing luwih apik, nggo majukna kelompok ibu-ibu nang wilayaeh kuwe.

Bacaan Lainnya
Sekang Perantau Kota Dadi Pemimpin Lokal

Khasan Saekhani, lair taun 1988, dheweke jane dudu wong asli Mulyadadi, sempet dadi perantau nang kota. Merga wis bosen, akhire balik kampung meng Ciwunung Desa Mulyadadi, kampung halamane keluarga bojone Khasan. Sekang perantauan kuwe, dheweke ulih ilmu dagang karo marketing.

Sending-sending ilmu marketing kuwe dinggo nang desa, nggo usahane ndewekne lan dinggo nggerakna perekonomian nang Desa Mulyadadi, utamane RT 06. Seliyane njabat RT, dheweke uga kerja dadi sales marketing merek terkenal lan duwe toko sembako nang sandhing umahe.

Kawit bali kampung sekitar nang taun 2018. Dheweke ndeleng akeh wong enom lan warga sing kurang aktif lan minim kegiatan sing ndadekna keningkatan ekonomi. Merga kuwe, rasa peduline Khasan muncul. Perjuangane Khasan dimulai alon-alon. Taun 2021, dheweke wani ngkoordinasi wong enom gawe lomba 17 Agustusan. Hasile deweke bisa ngompakna cah nom lan hasile meriah. Merga kuwe dheweke dianggep dadi “pentolan” lan penggerak nang kono.

Puncake pas regenerasi Ketua RT taun 2022. Deweke dikon dadi salah sijine kandidat ketua RT. Mandan males-malesa tapi tetep mangkat. Senajan sengaja teka telat, Khasan akhire kepilih, utamane merga dukungan sekang wong-wong enom sing wis klop karo gaya kepemimpinane pas acara 17 Agustusan. Mulane, gelem ora gelem, dheweke dadi Ketua RT.

KWT Al Hasanah Lair Maning Sekang Niat Apik

Sawise dadi Ketua RT, Khasan sempet bingung golet cara nggo mbangun wilayaeh. Ndilalah, umaeh sing letake strategis, amba, lan sejuk, sering dadi panggonan kumpul ibu-ibu, ngobrol karo dheweke, sing akhire munculna ide brilian.

Sekang obrolan saben dina karo ibu-ibu warga RT 06, jebul metulah gagasan nguripna Kelompok Wanita Tani (KWT) Al Hasanah. Sebenere KWT Al Hasanah wis ana ket taun 2020, pas taun 2022 ulih bantuan sekang aspirasine Saeful Mustangin DPRD Cilacap lewat Dinas Pangan dan Perkebunan Cilacap (dispanbun). Terus ndilalah vakum.

Anggota KWT pas agi proses produksi Sriping utawa kripik. Produke werna-werna, ana kripik pisang, singkong, karo bistik. (Rachman/ngapak.net)

Akhire sewise Khasan njabat dadi RT, gagasan nguripi Kelompok Wanita Tani (KWT) Al Hasanah muncul maning. Siki, KWT Al Hasanah anggotane kurang lewih 10 wong lan fokuse gawe aneka macem keripik sekang bahan lokal sing akeh kaya gedhang karo singkong.

Khasan ora gelem diceluk Ketua KWT. Nggo dheweke, dheweke mung sekedar dadi mentor lan fasilitator sing tujuane mung majukna kelompok sing wis tau ana terus diuripi maning. Ora ana tujuan nguasai.

Perane Khasan dadi mentor bener-bener total. Dheweke ngakoni, nggo nutupi kebutuhan operasional KWT, dheweke sering kudu “nomboki” nganggo duwit pribadine.

“Nyong sering nomboki sekang duwit pribadi, angger nyong teyeng, lan ana, nyong ya gelem ya, nangapa ora. Apamaning kan kuwe nggo kemajuan kelompok nang wilayahku,” jare bapak sing wis duwe anak telu.

Kendala Marketing lan Musim Panen

Khasan crita, omset KWT Al Hasanah selama 2 minggu tau nyampe sejuta. Padahal barang-barange mukur dititipna meng warung-warung cilik wilayah Cipari.

“Bojoku jujug meng warung-warung nang Cipari, terus jangka rong minggu ditiliki maning barange akeh sing ntong,” omonge karo semangat.

Hasil kiye dianggep Khasan wis lumayan nggo tuku bahan baku maning, dibagi maring anggota lan sending-sending nggo ngisi kas RT.

2022 ulih bantuan sekang aspirasine Saeful Mustangin DPRD Cilacap lewat Dinas Pangan dan Perkebunan Cilacap (dispanbun). (Dok. Pribadi)

Tapi, kendala utama sing diadepi KWT kiye yakuwe marketing (pemasaran) karo musim panen. Khasan, senajan duwe ilmu marketing sing pinter, ngakoni wektune kurang merga sibuk kerja dadi sales lan ngurusi kegiatan RT. Sementara, pemasaran produk akeh dibantu karo bojone sing full support.

Seliane kuwe, sing dadi kendala produksi pas teka musim panen pari. Akeh anggota KWT sing profesine petani utawa buruh tani, dadi pas wektu kuwe fokus meng sawah, dadine dapur KWT ora produksi. Khasan durung wani “meksa” dapur kudu tetep aktif, dheweke milih fleksibel lan ndeleng semangate anggota karo tetep ngawasi.

Menuju Legalitas lan Konsistensi

Siki, lokasi produksi KWT Al Hasanah isih nempel nang sandhing umah lan toko sembako duweke Khasan. Cita-cita gedhene yakuwe nyiapna lahan sing agi diurug lemah men bisa dibangun dadi dapur produksi permanen lan layak.

Seliyane kuwe, Khasan ngarep-arep pemerintah daerah teyeng aweh pendampingan kaitane legalitas produk, kaya ngurus izin PIRT lan Sertifikat Halal. Legalitas kiye penting banget nggo ngambagna jangkauan pasar.

Khasan nargetna, nang akhir Desember taun kiye, KWT Al Hasanah teyeng produksi sing luwih konsisten lan perkembangan sing signifikan. Angger KWT kiye teyeng maju, dheweke duwe kekarepan bisa ndadikna semangat wong-wong enom nang wilayahe men bisa melu aktif nang kegiatan KWT kuwe utawa kegiatan sing manfaat liyane.

Adzan Ashar wis kumandang, bareng karo udan sing wis mandeg. Sawise ngobrol dawa lan seru kuwe, katon jelas pangarep-arep gedhe sing dipikul nang Khasan Saekhani, sang Ketua RT sing ora mung ngurusi administrasi, tapi uga dadi pionir penggerak ekonomi wargane. Pancen, wong kaya kiye sing pantes diarani pejuang

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *