Kawunganten, Cilacap – Suasana sore nang omah ujug-ujug pecah pas ana wong teka. Dudu mung sekedar tamu biasa, tapi wong sing nggawa kabar karo nggawa bingkisan “Sorogan” utawa wong sing diutus khusus nggo ngeterna undangan mantenan utawa acara liyane. Tradisi “Nyorog” kuwe udu mung sekedar ngaterna undangan selembar kertas, tapi uga panganan, biasane mateng utawa kadang uga mentah. Kuwe dadi tanda pangurmatan nggo sing diundang.
Sorogan kuwe teka sekang sedulur nang Dusun Jaya Giri, Desa Bojong, Kecamatan Kawunganten, wilayah nang pojokan Kabupaten Cilacap sing tetep nyekeli warisan leluhur. Saketika kuwe, pikiranku nerawang, mbayangna kepriwe rupa resepsi mantenan nang dusun sing tradisine tesih kenthel. Mesti ana keunikan sing njunjung dhuwur adat nenek moyang.
Angen-angen kuwe akhire kelakon
Pas dina resepsi mantenan Yulia Sari karo Sholihin, Setu, 18 Oktober 2025, nang Dusun Jaya Giri, pemandangan sing disuguhna nglewihi bayangan. Masyarakat desa ora mung nunjukna semangat guyub rukun nang tradisi “Rewang“. Rewang kuwe tradisi gotong royong tangga-teparo mbantu kabeh keperluan hajatan. Tapi, ana sing narik perhatian, yakuwe ana tontonan sing nyenengna banget yakuwe Tradisi Begalan.

Dusun Jaya Giri pancen ketone masyarakate urip tentrem, seliyane kuwe masyarakate bener-bener njaga tradisi warisan. Kagum banget pas rombongan manten lanang arep teka. Iring-iringane manten lanang kuwe nggawa alat-alat dapur, ana sing ditenteng ana sing dipanggul nang pikulan. Isine kukusan, ilir (kipas pring), siwur (gayung), ulekan (muthu), cobek (layah), klasa (tikar anyaman), seiket pari, tampah pring, nganti wit tebu sing dijiret dadi siji.
Tapi, sedurunge barang-barang simbolis kuwe teka nang omah manten wadon, prosesi unik sing diarani Begalan dimulai. Secara harfiah, “Begalan” artine dicegat utawa dirampok, lan prosesi kiye pancen nampilna adegan rombongan kuwe dicegat nang tengah dalan.
Nasehat Perkawinan sekaligus Seni Tontonan
Begalan, sing dadi salah siji budaya khas Banyumasan (klebune Cilacap), udu begal temenan. Iki kuwe pertunjukan seni sing dadi ritual penting nang upacara mantenan tradisional Jawa nang daerah Banyumas raya, keunikan sing jarang ditemokna nang wilayah liyane.
Prosesi dimulai karo metune rong sosok utama: Gunareka, yakuwe rombongan sing nggawa barang seserahan utawa barisan manten lanang. Karo ana Rekaguna, yakuwe sosok sing dadi pembegal utawa penghalang. Ketemune wong loro kuwe dikemas jenaka. Bar kuwe, Gunareka karo Rekaguna dialog, dimoderatori karo dalang sing pinter ngomong.
Nang dialog sing sarat guyonan, dalang uga takon arti utawa maksude lan ngupas tuntas filosofi barang-barang gawanane. Kuwe inti sejatine sekang prosesi Begalan, nyampekna pepeling utawa nasihat perkawinan karo cara sing ringan, menghibur, lan gampang dicerna nang penganten, uga para tamu undangan.

Filosofis Utawa Arti Barang Gawanane
Saben barang sing digawa duwe makna jero nggo sangu urip nang rumah tangga khususe nggo penganten:
- Pikulan (Wangkring): Maknane bojo-lanang kudu tulus ikhlas nanggung kabeh beban karo kebutuhan urip miturut kekuwatan dewek-dewek.
- Ilir (Kipas): Nasihat nggo ngademna suasana rumah tangga lan ngindari manas-manasi wong liyane.
- Siwur (Gayung): Ngajari ben urip ora dijalani ngawur utawa sembarangan, sarta kudu bisa urip bebarengan karo lingkungan.
- Irig (Saringan): Ngingetna penganten nggo nyaring karo ati-ati nang njalani urip.
- Kukusan: Duwe filosofi sedulur papat limo pancer (kesadaran spiritual), sarta ajakan nggo nyikapi gejolak urip karo sabar.
- Kekeb (Tembikar Penutup Sego): Nyimpen pesen ben pasangan kudu nutupi aib siji lan liane.
- Pedaringan (Kendhil): Pesen nggo bojo wadon ben pinter nyimpen karo manfaatakna rejeki, sarta mbedakna antara kebutuhan karo kepengenan.
- Layah (Cobek): Maknane panggonan nyampure macem-macem rasa. Kaya omongane wong sing pedes (sambel), nek diwadahi sing apik, tetep bakal krasa enak.
- Muthu (Ulekan): Ngajari pasangan ben bisa mecahna kabeh masalah nganti tuntas.
- Irus (Sendok Sayur): Duwe makna ben wong sing rumah tangga kudu bisa ngolah rasa, dadi mancing tumbuhe kedewasaan.
- Pari: Nglambangna kemakmuran karo kebutuhan saben dinane, sarta sifat andhap asor: semakin dhuwur ilmu karo rejeki, semakin ngrunduk.
Puncak sekang prosesi kiye yakuwe ritual mecah kendhil, sing nglambangna rampunge masa lajang karo prawan nggo penganten wadon. Kuwe simbol diwiwitine urip anyar, sekang sing maune dewekan saiki dadi wong loro karo bojo lanang.
Bar pepeling sing kebek makna kuwe rampung dijelasna, acara Begalan uwis rampung. Sing kesisa yakuwe pelajaran berharga babagan hakekat wong mbangun rumah tanga. Tradisi kiye udu mung sekedar tontonan, tapi uga duwe nilai pelajaran sing luhur, ora mung nggo penganten, tapi uga nggo sapa bae sing nonton.
Bar ngucapna slamet maring penganten loro, ati krasa adem. Nyong ninggalna Dusun Jaya Giri, lan karo ana pangarep-arep, muga-muga kearifan lokal kaya tradisi Begalan kiye bakal tetep dilestarina. Sebabe, nang tengah derasé arus modernisasi, tradisi nenek moyang kaya kiye sing bisa nyimpen peta karo kompas, nuntun generasi penerus nggo njalani urip sing lewih berguna.






