Ilang nang Bendung Menganti, SP Ditemokna wis Ninggal nang Majingklak

Ngapak.net – Cilacap. Sri Purwaningsih (29) wong asal Cilacap, Jawa Tengah, ketemu wis ninggal nang Kali Citanduy, persisé neng Desa Pamotan, Majingklak, Kabupaten Pangandaran nang Tim SAR Gabungan, Jumuah (3/10/2025) awan.

Sakdurungé, Sri dikabarna ilang nang sekitar Bendung Manganti, Kali Citanduy, Rebo (1/10/2025) wengi. Tim Gabungan saka BPBD, Basarnas, TNI-Polri lan relawan langsung temindak nggoléti kawit Kemis (2/10).

Bacaan Lainnya

“Korban ketemu nang Desa Pamotan, Majingklak, Kabupaten Pangandaran, kondisi wis ninggal,” ngendikan Kepala Pelaksana BPBD Ciamis, Ani Supiani.

Sawisé ketemu, jenazah korban digawa meng Puskesmas Kalipucang, Kabupaten Pangandaran kanggo diidentifikasi. Bar kuwe korban terus diserahké marang pihak keluarga.

“Jenazah korban wis diserahké marang pihak keluarga. Operasi pencarian ditutup,” terangé Ani.

Kanggo informasi, operasi nggoleti korban iki nglibatna akèh pihak, sekang BPBD Ciamis, Basarnas Pangandaran, BPBD Cilacap, PMI, Polsek Lakbok, Koramil Lakbok, Polsek Wanareja, nganti relawan TAGANA, Muhammadiyah, Baznas, RCS, Rapi, lan masyarakat sekitar.

Ani nerangké, Sri Purwaningsih (29) warga Desa Purwasari, Kecamatan Wanareja, Kabupaten Cilacap, awalé lunga ninggalaké omah nganggo motor Beat putih wayah wengi kira-kira jam 00.30 WIB.

“Kemis ésuk kira-kira jam 08.00 WIB, motor korban ketemu nang parkiran tanggul Kali Citanduy, persisé neng mburi Bendungan Manganti, Desa Sidarahayu, Kecamatan Purwadadi, Ciamis,” omonge Ani, Jumuah (3/10/2025).

Ketemune motor kuwi ndadèkaké pihak keluarga lapor marang Pemerintah Desa Purwasari, Wanareja, Cilacap. Sekang hasil ngecek CCTV nang sekitar bendungan, katon bayangan wong sing diduga korban mlaku menyang arah Kali Citanduy.

Dugaan sementara korban sengaja bunuh diri mlumpat meng kali.

 

Source : detikjabar

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *