Bunga Ora Pantes Lanjut Sekolah

Tangerang Selatan– Agi viral lan dadi pehatian publik terkait Bunga Sekar Anjani, pemain bal-balan putri umur 15 taun sekang Tangerang Selatan, Banten—sing tau makili Indonesia nang turnamen internasional “Meet the World with SKF” ning Swedia—ora kasil lolos mlebu SMA Negeri (SMAN) liwat jalur prestasi non-akademik. Dheweke ora ditampa ing SMAN 2 Tangerang Selatan utawa SMAN 7 Tangerang Selatan.

Jan-jane ya pancen Bunga ora pantes mlebu SMA Negeri! Apane sing hebat coba, mung merga wis melu ngibarkena bendera Merah Putih neng Swedia? Mung gara-gara Juara 1 turnamen bal-balan internasional terus rumangsane wis hebat banget? Ora mempan, Le! Kanggo sistem SPMB sing super canggih lan “paling bener se-dunia”, kabeh kringat lan prestasine Bunga neng lapangan kuwe ora ana regane nek ora ana cap stempel birokrasi sing “sesuai juknis”!

Bacaan Lainnya

Neng negara kiye, garuda neng dada kuwe bisa langsung dadi ora pajeg nek kalah sakti karo dluwang verifikasi. Ora umum tenan! Bocah wis keplek-keplek mengharumkan jeneng daerah lan negara, eh pas arep golet kursi sekolah neng kotane dewek malah dijegal, dianggep “ora memenuhi syarat”. SMAN 2 karo SMAN 7 Tangsel jan top markotop anggone ngajari piwulang: Prestasi internasional kuwe nomer sekian, sing penting stempel neng kolom kertas wis cocok!

Bunga Sekar Anjani ora ketampa mlebu SMA Negeri nang Tangerang Selatan

Ya mbok menawa salah dewek sih ya. Kudune tinimbang Bunga kepanasen gladhen bal-balan tekan Swedia, mending golet piala lokal sing penting oleh sertifikat ana materaine. Mulane, neng mripate algoritma karo kuota jalur prestasi, piala internasional kuwe kalah mencorong karo bulet-buletan aturan bobot angka.

Selamat lah ya kanggo dunya pendidikan kita! Kemenangan mutlak digayuh dening aturan kaku sing bisa ngalahena apresiasi bakat anak bangsa. Bunga pancen “ora pantes” mlebu sekolah negeri kuwe—dudu merga dheweke ora duwe prestasi, tapi merga prestasine keduwur-duwuren dadi ora teyeng dijangkau karo kacamata birokrasi sing ciut!.(R/S)

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *