Cilacap – Kabupaten Cilacap dadi perhatian dunia internasional. Rombongan investor sekang Australia sing dipimpin Graham J. Ferris nganakna kunjungan resmi meng Kabupaten Cilacap.
Nang pertemuan kuwe, investor Australia ana minat gede nggo ngembangna Pelabuhan Tanjung Intan men dadi pelabuhan bertaraf internasional.
Jerene Graham, Cilacap due keunggulan geografis sing ora kalah karo pelabuhan utama nang Indonesia, kaya Tanjung Priok, Tanjung Emas, lan Tanjung Perak.

Jerene Graham, posisi Cilacap strategis banget nggo mempercepat jalur ekspor-impor, khususe meng Australia. lewih sekang kuwe, peluang kerja sama bisa diperluas meng negara liane, kaya Singapura, Kanada, lan India.
Bupati Syamsul karo Wakil Bupati Ammy menanggapine positif penjelasane. Jerene, Cilacap siap memanfaatna peluang strategis kuwe, sebabe Pelabuhan Tanjung Intan uwis memenuhi standar internasional.
“Pelabuhan Tanjung Intan nduweni kedalaman sing memadai, dermagane luas, lan fasilitas pendukung liane kaya Bea Cukai karo Karantina. Dadi kapal gede bisa langsung sandar lan berbagai komoditas sing bisa mlebu meng Indonesia sekang Cilacap,” omonge Ammy, Sabtu (6/9/2025).
Pemkab ngeyakini pengembangan pelabuhan bakal nggawa dampak gede, mulai sekang peningkatan PAD, kebukake lapangan kerja anyar, sampe percepatan pertumbuhan ekonomi lokal.
Meski kaya kuwe, Pemkab tetep negesna pentinge koordinasi karo PT Pelindo sing ngelola pelabuhan. Sinergi karo pemerintah pusat lan pemangku kepentingan liane juga dadi kunci keberhasilan rencana kiye.
sumber : Radar Banyumas I Minggu 07-09-2025, 18:05 WIB






