Awale Modal Limbah Tugelan Kayu Rega 20 Ewu, Siki Bisa Banjir Orderan nang Shopee

Tiap dina ana bae orderan sekang shopee.(rachman/ngapak.net)

Cipari, Cilacap – Rebo isuk, 8 Oktober 2025, suasana nang pojokan Desa Mekarsari, Kecamatan Cipari, keton sepi. Srengenge tembe munggah sending, embun esih ngelencer ning godhong gedhang. Nang pucuk gang cilik, keton bangunan semi permanen ngadeg sederhana, ora nganggo tembok, mung rangka kayu lan payon gendeng. Sekang njero, krungu suara mesin potong kayu karo suara amplasan. Nah kuwe, bengkel cilik sing jenenge AA Wood Craft, bengkel cilik duwene Turiman (27), wong kreatif sing ngrobah kayu dadi karya sing nduweni rega dhuwur.

Tim ngapak.net teka kira-kira jam wolu isuk. nang pinggiran bengkel, keton tumpukan kayu atos sing ditata rapi, ana sing esih bahan mentah, ana juga sing wis dadi box salon aktif delamaning rampung. Rokok kretek nempel nang pojokan lambe, sepisan-pisan diisep jero, terus disebulna kukuse alon-alon.

Bacaan Lainnya

Ora kakehen omong, wong sing kumisan tipis kuwi nyambut tamu karo ngguyu lan jabat tangan anget. Turiman melbu umah sedela. Ora suwe, dheweke mbalek karo nggawa rong gelas kopi ireng nang nampan kayu. Dhewek njagong nang tugelan kayu bekas, dibatiri ambune kopi, rokok kretek refill merek Samsu, lan suara pitik saut-sautan sekang kadohan.

“Mbiyen aku tau kerja bareng kanca, nang bidang sing padha, nggawe kerajinan sekang kayu. Tapi ora sesuai ekspektasi, dadine bubar. Sekang kono aku nekat nggawe usaha dewek,” critane Turiman ngawali omongan karo ngebulna kukus rokok.

Usaha kuwe dijenengi AA Wood Craft, wis dimulai kawit taun 2021. Modal awalé ora sepira, malah akeh bahan baku sekang luwihan-lewihan tugelan kayu sing dituku murah sekang tukang kayu. “Wektu kuwi aku tuku sekarung tugelan kayu mung rong puluh ewu. Sewisé diolah lan didol, hasilé bisa meh dadi limang atus ewu,” ujare karo ngguyu bangga.

Tapi perjalanan Turiman ora semulus ukirané. Wiwitan awal ngrintis, usahané durung stabil. Dheweke nganti sempet merantau meng Aceh lan Sulawesi dadi buruh proyek kanggo nyukupi kebutuhan omah. “Niatku merantau ora mung kanggo pawon, tapi juga pengin ngumpulna modal nggo tuku alat pertukangan,” ujare.

Saiki, hasil jerih payahé wis keton. Bengkelé wis kebek alat modern kaya router, planer, lan mesin cutting, kabeh dituku sekang keringaté dheweke. Saiki, dheweke fokus ngedol produké lewat online marketplace, utamané Shopee.

Produk AA Wood Craft biyen diawali sekang tatakan gelas kayu, sing akeh dituku pengusaha kafe, utamané sekang Bali. Nanging saiki, fokusé pindah nang box custom salon aktif, produk sing lagi rame disenengi wong-wong pecinta audio.
“Saiki pesenan online terus mlebu. Nek fokus, siji box cilik iso rampung sedina,” ujare.

Saben dina, Turiman iso ngrampungke rong box custom, mung ngedol casing kosong ora karo komponen elektronike. Konsumené teka sekang ndi-ndi ora, utamané teknisi lan pecinta audio musik. Pas ditakoni soal kendala, dheweke mung njawab karo mesem.
“Nek kendala gede sih ora ana. Tapi aku nduwe cita-cita pengin nduwe karyawan. Men bisa mbantu kerjaan lan ngurangi pengangguran nang sekitar kene.”

Miturute Turiman, industri kreatif nang Cilacap esih jarang diperhatikna temenanan. Padahal, bahan baku akeh lan pasaré isih amba. Dheweke ngarep-arep pemerintah bisa ndhukung lan maringi pelatihan ben lewih akeh bocah enom sing seneng terjun mlebu nang dunia industri kreatif.
“Akèh sing bisa kasilna sekang kayu nek wongé kreatif. Sing penting kudu due tekad lan pengarepan, terutama kudu tekun juga” ujare karo ngombé kopi nganti entek. Terus Turiman nyuled rokok anyar.

 

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *