NGApak.net – Balik tugas sekang acara nang Monas jebule dadi babagan heroik sing nyentak nang Tol Kebon Jeruk, Jakarta Barat. Dina Slasa, 7 Oktober 2025, awan-awan, rombongan prajurit TNI Angkatan Darat sekang Yonif 848/Satria Pandya Cakti (Spc) mbuktikna kesigapane ora mung nang medan perang, tapi uga nang tengah ramene dalan gedhe ibukota.
Pas liwat tol, matane para prajurit kesorot maring mobil Daihatsu Luxio werna silver. Mobil kuwe nyetire ugal-ugalan lan nekat nyrempet kendaraan liyane. Ora mikir dawa, para prajurit langsung ngoyak lan mblokir laju mobil kuwe.
Sawise mobil mandheg, jebule mobil kuwe dinggo kabur pelaku begal motor sing nembe bae njukut motor nang wilayah Setiabudi, Jakarta Selatan.
Sekang penggeledahan nang lokasi, prajurit nemokna bukti kejahatan sing ora kena disangkal: telung unit motor colongan (siji Honda Vario, lan loro Honda Beat), siji peso sing disinyalir dinggo ngancem korban, lan telung unit HP.
Dilansir sekang kompas.com Kepala Dinas Penerangan Angkatan Darat (Kadispenad), Brigjen TNI Wahyu Yudhayana, ngapresiasi cepete tindakan prajurit. Penangkepan kiye negesna komitmen TNI njaga keamanan masyarakat. Sawise wis aman, pelaku lan kabeh barang bukti langsung diserahna maring Polsek Kembangan kanggo diproses hukum luwih lanjut.
Kisah kiye dadi bukti nyata angger pengabdian prajurit kuwe ora mandang wektu utawa panggonan. Bali sekang tugas be, tetep dadi benteng paling ngarep kanggo njaga ketertiban.






