Aksi demo winginane sing ujunge ricuh nang Gedung DPRD Kabupaten Cilacap kalingane akeh pelajar sekolah sing melu. Merga kuwe, Dinas Pendidikan lan Kebudayaan (P lan K) Kabupaten Cilacap aweh perhatian kusus.
Men kedadian kue ora keulang maning, dinas gagean nerbitna surat edaran resmi meng kabeh satuan pendidikan nang ngisor wewenange.
Ndas. Aduh, aja ndas lah, kepala bae. Kepala Dinas P lan K Cilacap, Luhur Satrio Muchsin, nyampekna bahwa surat edaran kuwe dadi langkah awal penguatan karakter pelajar, utamane men paham nilai demokrasi lan tata cara ngutarakna aspirasi.

Seliane penguatan materi nang kelas, sekolah dikon ningkatna koordinasi karo orang tua utawa tokoh masyarakat. Langkah kiye penting nggo mastikna pelajar-pelajar ulih pengawasan lan pendampingan sing lewih erek.
Nang edaran kuwe, siswa dikon lewih bijak nganggo media sosial. Mergane, akeh aksi sing dipicu sekang provokasi lan tantangan liar nang platform digital.
Merga anane langkah kiye, Dinas P dan K berharap sekolah bisa dadi benteng awal nggo njaga pelajar Cilacap men tetep fokus belajar, berprestasi, lan ora kejebak nang arus gerakan massa sing berpotensi ngrusak masa depan bocahan.
Sumber : radarbanyumas.disway.id I Julius Purnomo | Senin 08-09-2025,18:54 WIB






