Tanggul pemecah ombak nang Pantai Cemara Jajar Cilacap, rubuh total seuwise diantem ombak duwur. Kondisi kie gawepedagang karo warga khawatir abrasi-ne tambah parah, terus aktivitas dagang nang pantai garep lumpuh.
Jere Jasmin, warga sing manggon nang sanding pantai, rusake tanggul wis keton kawit rong minggu terakhir.
Dampak kerusakan kiye ora mukur nang tanggule, tapi karo nang ekosistem pantai ne. Gerusan ombak wis ngikis bibir pantai lan ngrubuhna wit cemara. Warga khawatir nek ora gagean ditangani, abrasine ngancam warung-warung karo umah warga sing lokasine perek sekang pantai.
Akibat kondisi kiye, Pantai Cemara Jajar sing biasane rame dikunjungi siki relatif sepi. Akeh pedagang milih ora dodolan lantaran kwatir warunge kegerus ombak.
Tekan seprene, urung ana upaya ndandani sekang pihak terkait. Arepane warga, pemerintah daerah gagean njiot langkah darurat nggo ngatasi kerusakan tanggul demi antisipasi abrasi sing bisa meluas karo memulihkan aktivitase ekonomi nang Pantai Cemara Jajar.
Sumber : Radar Banyumas Reporter: Rynaldi Fajar Septrianto| Editor: Susi Dwi Apriani






