Nahan Imbang Lebanon, Rangking FIFA Indonesia Bakalan Munggah dadi Semene…

Timnas Indonesia main imbang skore 0-0 nglawan Lebanon nang pertandingan keloro jeda internasional September nang Stadion Gelora Bung Tomo, Senin (8/9/2025) wengi. Pertandingan kiye pengaruh meng rangking FIFA Indonesia.

Pertandingan skuad Garuda nang wulan September mlebu meng agenda laga Internasional resmine FIFA utawa FIFA Matchday. Indonesia tanding ping pindo nang wulan kiye, menang 6-0 lawan Taiwan karo nahan imbang Lebanon 0-0.

Bacaan Lainnya

Hasil keloro tanding kuwe nggawe posisi bocahane Patrick Kluivert munggah peringkat nang ranking timnas FIFA. Timnas Indonesia siki berhasil munggah se peringkat meng posisi 117 lan poine 1.157,80 poin.

Dideleng sekang laman kalkulator ranking FIFA, Football Online, kasil imbang lawan Lebanon, yakue tim ranking 112 dunia, gawe Indonesia ulih tambahan 0,17 poin. Teruse Indonesia ulih hak munggah meng ranking 117 dunia.

Sedurunge, Indonesia ulih tambahan 3,25 poin sewise menang telak sekang Taiwan. Hasil kuwe kabeh dadine skuad Garuda berhasil munggah peringkat meng-117 lan kur kacet 10 poin karo Kazakhstan nang peringkat ke-116.

Pelatih Timnas Indonesia, Patrick Kluivert nilai time gagal menang nglawan Lebanon mergane tim tamu maine rapet. Kluivert uga nyayangkana mlakune pertandingan sing Mandan semromong merganea perselisihan antarpemain.

 

Sumber : Kompas.tv – 9 September 2025, 09:02 WIB

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *