CILACAP – Badan Narkotika Nasional (BNN) Kabupaten Cilacap bareng Kantor Bea dan Cukai Cilacap berhasil ngagalke peredaran narkotika golongan I jenis ekstasi sing dikirim lewat jasa ekspedisi.
Kasus iki diungkap sakwise tim gabungan nemukna paket isi pil ektasi sing disamarke ing bungkus kopi neng wilayah Kelurahan Tegalreja, Kecamatan Cilacap Selatan, Selasa (7/10)
Pengungkapan iki diwiwiti saka informasi sing ditampa Tim BNN Provinsi Jawa Tengah, yen ana kiriman paket sing ngganjel utawa mencurigakan sing arep dikirim menyang Cilacap.
Sakwise nampa laporan, BNN Kabupaten Cilacap banjur nglaksanani koordinasi karo Bea Cukai kanggo nindakake pemeriksaan neng salah siji kantor ekspedisi.
“Sakwise ditindakke pemeriksaan neng salah siji kantor ekspedisi neng Cilacap, jebul ana paket isine 15 butir pil werna ijo kuning sing kuat diduga dadi narkotika jenis ekstasi,” Ujare Kepala BNN Kabupaten Cilacap, Eddy Mulsupriyanto.
Paket iku ditampa dening MD (39), warga Cilacap Selatan, sing diduga dadi pemesan barang haram mau. Pil-Pil ekstasi iku diselupake neng kotak kopi, terus dibungkus nganggo tisu putih supaya ora ngundang curiga. Petugas banjur nindakke penggeladahan neng omahe MD lan nemokake siji butir tambahan pil ekstasi, sing nguatke dugaan yen pelaku melu jaringan peredaran narkotika.
Hasil penyidikan awal nunjuknya MD dijerat kanggo Pasal 114 ayat (2) juncto Pasal 112 Ayat (2) Undang-Undang Nomor 35 Tahun 2009 tentang Narkotika. Merga kelakuane kuwi, MD saiki keancam ukuman nganti 20 taun neng penjara, karo dendha gedhe tekan 10 M rupiah.
Kepala BNN Cilacap, Eddy Mulsupriyanto, negeske yen pengungkapan iki dadi bukti konkret pentinge kolaborasi antar instansi kanggo merangi peredaran narkoba.
“Kejahatan narkotika kui kejahatan sing terorganisir lan lintas wilayah. Mulane, nangani kuwi kudu dilakokake secara terpadu, ora isa secara parsial,” tegese.
Eddy juga nekanke komitmen BNN kanggo terus nguwatake kerjasama lintas sektor, supaya pemberantasan narkotika isa luwih maksimal.
“Sinergi kaya ngene penting banget kanggo nutup ruang gerak para pelaku sing terus golet cerah baru kangge ngedarke narkoba,” ujare.
Sumber: serayunews






