Kasus Bocah Meteng Bocah Esih Dadi Sorotan Nang Cilacap

Kasus kekerasan anak
Sosialisasi Dinsos PPPA Tentang kasus kekerasan terhadap anak (img: Radar Banyumas)

Cilacap – Kasus kekerasan karo wadon kambi bocah wiwit awal taun 2025 nganti wulan Oktober ning Kabupaten Cilacap isih kelebu dhuwur.

Sedawane taun 2025 kie, Dinas Sosial, Pemberdayaan Perempuan, dan Perlindungan Anak (Dinsos PPPA) nyatet paling ora ana 140 kasus kekerasan. Kan angka kuwe, 25 kasus nyerang wong wadon lan 115 kasus nyerang bocah-bocah.

Bacaan Lainnya

Sekang akehe kasus kuwe, salah siji sing paling ngawatirna yaiku fenomena “bocah meteng bocah”, yakuwe ngandhut sing dialami bocah urung cukup umur. Ketua Tim Kerja Perlindungan Anak Dinsos PPPA Cilacap, Kartika, njelasna nek kasus kaya kie esih sering ditemoni neng berbage wilayah, utamane nang desa-desa sing pengawasan sosiale kurang ketat.

“Kasus bocah urung cukup umur sing wis meteng isih terus ana. Sebabe macem-macem, ana sing amarga pergaulan bebas, kurang komunikasi kalih kaluwarga, nganti kurange kesadaran wong tua marang pendhidhikan anak.” ujare Kartika pas aweh sosialisasi babagan perlindungan anak kangge guru BK se-Kabupaten Cilacap, Rebo (29/10).

Kanggo ngatasi persoalan kuwi, tim Pusat Pelayanan Terpadu Pemberdayaan Perempuan dan Anak (P2TP2A) terus temindak nganti tekan tingkat desa. Pendampingan lan sosialisasi uga terus dilakokake kados bocah-bocah korban tetep ulih hak pendhidhikan lan perlindungan hukum.

“PT2TP2A rawuh nganti tekan desa kanggo njamin bocah-bocah korban kekerasan utawa meteng bocah tetep bisa sekolah. Kito uga kerjasama bareng kalih Dinas Pendidikan dan Kebudayaan, ngandhani para guru supados nyegah bocah-bocah mboten mandheg sekolah amarga masalah kuwi,” jelase Kartika.

Nanging, kahanan ning lapangan isih nglairake tantangan anyar. Kartika nyritakake yen isih ana bocah sing oleh perlakuan ora pantes saka kulawargane dhewe.

“Kito nemukake kasus bocah sing dikunci ning omah lan mboten diparengke sekolah amarga alasan ekonomi. Iki kalebu bentuk kekerasan sing kerep ora disadari kalih tiang sepah,” tambahe.

Kartika uga nekanaken yen perlindungan anak mboten mung dadi tanggung jawabe pamarentah, nanging uga dadi tanggung jawabe kabeh unsur masyarakat.

“Bocah-bocah kudu tuwuh nang koleman sing aman, bebas sekang kekerasan, lan ulih pendhidhikan sing pantes. Kuwi kudune wis dadi kesadaran bebarengan,” tegese.

Kartika uga ngelingake masyarakat supaya ora wedi lapor yen ngerti ana kekerasan utawa penelantaran marang bocah ning sekitare.

“Yen weruh kedadeyan kaya guwe aja meneng bae. Laporna meng aparat desa, sekolah utawa langsung menyang Dinsos PPPA. Amarga saben bocah nduwe hak dilindungi, lan saben tumindak kekerasan kudu dicegah saka awal,” ujare.

Kartika ngarepke, lewat kerjasama antar instansi lan dukungan saka masyarakat, kasus kekerasan marang wong wadon lan bocah-bocah ning Cilacap isa terus dikendhalekake.

 

Sumber: https://radarbanyumas.disway.id/cilacap/read/146316/kasus-anak-hamil-anak-masih-jadi-sorotan-di-cilacap/15

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

1 Komentar