Njenengan Gatel nang Kulit? Jejel Nganggo Godong Kie nggo Obat Gatel

Cah wadon kegatelen. magsude gatel nang kulit. iStock/Aleksei Morozov

Tau krasa gatel nang kulit? Rasane njeleih ya risih ya sing jelas gatel-lah ya! Hahaha

Rasa gatel nang kulit umume merga iritasi utawa peradangan nang kulit, dadine kulite garing lan gampang gatel. Seliane kuwe, keluhan gatel bisa disebabna akeh perkara, kaya kecokot serangga, alergi, utawa infeksi.

Bacaan Lainnya

Gatel nang kulit biasane bisa mari dewek. Tapi, keluhan kiye bisa lewih cepet mari karo teknik pengobatan sederhana sing bisa dilakukna dewek nang umah, salah sijine karo godong (godong) nggo obat gatel kulit. Nek dilakukna karo cara sing bener, metode herbal kiye bisa gatel nang kulit lewih cepet.

Kie Jenis Godong (Daun) nggo Obat Gatel Kulit lan Cara Nggunaknane

Godong (daun) nggo obat gatel kulit umume ngandung zat sing sifate antiradang, antibakteri, karo antioksidan, dadine bisa meredakna iritasi lan paradangan nang kulit sing gawe gatel.

Meski kaya kuwe, ora kabeh jenis godong bisa nggo obat gatel alami nang kulit, ya.  Kiye werna-werna jenis godong sing bisa nggo obat gatel kulit sekaligus cara nggunaknane:

 

Godong lidah buaya

godong lidah buaya

Lidah buaya kuwe salah sijine bahan herbal sing paling umum dinggi ngatasi kulit gatel. Tumbuhan kiye nduwe daging sing kandel karo teksture sing berlendir pada karo gel. Bagian daging nang njero godong lidah buaya kiye sing sering dinggo mengatasi gangguan nang kulit, termasuk gatel.

Daging godong lidah buaya bisa ngatasi gatel nang kulit sing disebabna nang eksim, yakue kondisi peradangan sing nggawe kulit garing lan dadi gatel. Mergane godong lidah buaya nduweni sifat antiradang sing mampu meredakna werna-werna gejala peradangan nang kulit.

Kiye langkah-langkah sing bisa Njenengan lakukna nggo ngatasi gatel kulit nganggo lidah buaya:

  • Kumbah godong lidah buaya tekan resik.
  • Ceti kulit njaba godong lidah buaya lan jiotl bagian daginge sing warnane putih bening.
  • Olesna daging lidah buaya sing bentuke gel nang area kulit sing gatel lan sing rata. Barkuwe, jorna sampe kira-kira wis ngresep nang kulit.
  • Bilas karo banyu bersih.

 

Godong kemangi

Godong kemangi

Kemangi utawa godong basil paling sering dingo lalaban utawa bumbu masakan merga aromane sing wangi lan khas. Tapi, godong kiye uga bisa meredakan gatel nang kulit.

Penelitian ngungkapna bahwa ekstrak godong basil nduweni sifat antibakteri lan antiradang nang njerone. Kandungan kiye sing ndadikna godong kemangi bisa berfungsi nggo ngatasi keluhan gatel nang kulit akibat peradangan utawa iritasi. Meski kaya kue, efektivitas godong kemangi nggo obat gatel kulit akibat infeksi bakteri tesih perlu diteliti maning.

Ekstrak godong basil wis akeh diolah dadi suplemen lan minyak esensial. Efeke, penggunaan godong basil nggo ngobati gatel kulit tambah kepenak, njenengan ora perlu ngolesna minyak godong basil meng kulit sing gatel.

 

Godong sirih

 

Godong Suruh utawa sirih

Godong kiye uga termasuk salah sijine godong herbal sing wis ora asing nang Indonesia. Godong sirih umume dinggo pembersih untu lan cangkem alami lan uga dinggo bahan herbal nggo mbersihna daerah kewanitaan. Tapi, kejaba manfaat kuwe, kalingane godong sirih uga bisa dinggo obat gatel kulit.

Mergane, godong sirih ngandung akeh zat sing sifate antiradang, antibakteri, lan antioksidan, dadine bisa meredakna peradangan nang kulit. Hasil penelitiane nunjukna bahwa godong sirih bisa mbantu memutihkan kulit. Josss!

Carane gampang, kumbah godong sirih terus uleg (ditumbuk) utawa dialusna, barkuwe dibalurkan meng kulit sing gatel.

Tapi inget, meski dipercaya bisa mbantu ngatasi gatel nang kulit, godong sirih nggo obat gatel kulit kuwe sebaike ora didadekna siji-sijine cara nggo meredakan gatel, ya.

Nek njenengan wis nggunakna godong nggo obat gatel kulit tapi gatele ora ilang-ilang tapi malah tambah parah, langsung periksakna meng dokter men ulih penanganan sing sesuai.

 

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *