Perjuangan Desa “Mocaf” Karangreja Cipari, Ngolah Budin dadi Tepung Mocaf Kualitas Ekspor

Kabeh bagian budin bisa dimanfaatna. Budin dikenal bahan baku panganan pokok penghasil karbohidrat lan godonge bisa dimanfaatna nggo sayuran. (Bursatani.com)

Cipari, Cilacap – Desa Karangreja, Kecamatan Cipari, Cilacap, jebul ora mung kondang dadi desa budaya, tapi ya dadi lumbung komoditas budin. Nang mangsa panen, budin saking akehe tapi bingung adole merga regane murah.

Secercah harapan teka sekang Kelompok Wanita Tani (KWT) Ngudi Makmur Desa Karangreja. Sing dadi motor utama yakuwe Ibu Tasmini. KWT kiye wis sukses ngrintis pengolahan budin ngantek dadi glepung mocaf lan gawe produk panganan sekang tepung Mocaf (Modified Cassava Flour) kuwe.

Bacaan Lainnya

Mocaf kuwe kependekane sekang “Modified Cassava Flour”, yakuwe glepung budin sing wis dimodifikasi nganggo cara fermentasi. Tepung sing bebas gluten kiye dadi pilihan nggo ngganténi terigu, isine gizi luwih apik kaya serat, kalsium, lan fosfor. KWT Ngudi Makmur di bentuk merga duwe alesan kuat nggo ngangkat ekonomi warga sekaligus nambah nilai maring komoditas budin sing melimpah nang desa Karangreja.

 

Riset Budin Super lan Bahan Baku Organik

Senajan sedurunge wis bisa gawé glepung mocaf dhewek, tapi saiki KWT Ngudi Makmur lagi njiot langkah sing ambisius, yaiku kolaborasi riset karo Badan Perencanaan Pembangunan Daerah (Bapeda) Cilacap. Riset kiye njajal nyoba nandur budin super sing digagas dening Prof. Gembong.

“Jaréné budin ujicobané Prof. Gembong, sewit bisa ngasilna budin nganti 40 kilogram,” omongé Tasmini pas ditemoni, Minggu 26 Oktober 2025.

Riset sing rencanane dilakokna dicoba 7 wulan kiye ya njajal pelatihan pertanian organik, proses produksi Mocaf sing lewih apik, termasuk gawé énzim fermentasi sekang bahan alami kaya pulut gandul, susu sapi murni, lan eneban sekang kungkuman budin. Bahan baku alami kiye dipelajari langsung sekang pelatihan sing didukung Bapeda lewat Prof. Gembong.

Pelatihan lan riset kiye nembe mlaku sewulan. Rencanane, sedawane 7 wulan KWT bakal terus didampingi ben ulih kasil sing maksimal.

 

Potensi Ekspor lan Tantangan Rega Adol

Nek riset lan pelatihan kiye sukses, pola nandur nganti ngolah budin dadi glepung bakal distandardisasi. Pengarepane, kualitas glepung Mocaf sing diasilna bisa dadi standar ekspor, lan otomatis bakal ngundakna rega budin nang kalangan petani.

Komoditas budin Karangreja duwe potensi sing luar biasa, meh kabeh bagiane, sekang godong, wit, daginge, nganti kulité kabeh bisa mangfangatna. Tapi, diakoni nang Tasmini, nek ora diolah dadi tepung, rega budin murah banget.

Maring ngapak.net pas diwawancara, Tasmini ngomong urung bisa nemukna alangan spesifik nang riset kiye, merga bibit budin nembe ditandur sewulan lan proses pelatihan gawé énzim urung rampung.

Pas ditemoni nang balaidesa, Kepala Desa Karangreja, Wasono ngomongna bahwa sing tesih dadi alangan yakuwe sekang sisi pemasaran lan rega produk. Mayoritas masyarakat, khususe nang pedesaan, urung paham temenan keunggulan gizi Mocaf dibanding terigu sing bahan dasaré gandum, apa maning rega mocaf esih dhuwur.

Wasono nambaih, nggo ngatasi hal kiye, KWT wis manfaatna jaringan lokal lewat Gerakan Tekani Tukoni Larisi (Getak Tular). KWT njejel ngeyakinna pengusaha UMKM kuwe kon nyoba nganggo tepung mocaf. Kalingane akeh sing cocok, malahan nek nggo produk kripik-kripik kasile dadi apik lewih gurih lan renyaeh awet.

Seliane kuwe, BUMDes juga melu medun, bagi-bagi tepung mocaf gratis lewat program bantuan parsel sembako sekang pemerintah. KWT Ngudi Makmur uga nduwe siasat gawé produk turunan sekang mocaf kaya krupuk, iwak crispy, lan urang crispy. Wasono ngarepna pemerintah gelem mudun ngrewangi subsidi nggo tepung Mocaf ben regané luwih kompetitif.

Asline, KWT Ngudi Makmur Desa Karangreja wis sukses nambah nilai komoditas singkong lewat didadekna tepung Mocaf sing regané luwih dhuwur. Saiki, keberhasilan program jangka panjang kiye tergantung maring hasil riset kerjasama karo Bapeda, men bisa ngunggahna kualitas tepunge lan bisa nembus pasar ekspor. Akhire, “Emas Putih” sekang pojokan Cilacap bisa tembus meng pasar luar negeri, lan petani-petani budin nang wilayah karangreja rejeh, merga regane bisa duwur.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *