Sejarah Dina Batik Nasional lan Diakui UNESCO

Model cilik nlaku nang nduwur catwalk pas lomba fashion show karnaval batik nusantara.(Bangkapos.com)

Berita Ngapak – Hari Batik Nasional sing dipèngeti saben tanggal 2 Oktober yakuwe wujud ngajèni marang kabudayan bangsa. Wiwitane, peringatan iki muncul saka pangakuan UNESCO sing ngakoni batik dadi warisan dunia.

UNESCO netepaké batik Indonesia dadi Warisan Budaya Ora Benda tanggal 2 Oktober 2009. Keputusan kuwi dijupuk ing sidang ke papat Komite Antar-Pemerintah nang Abu Dhabi.

Bacaan Lainnya

Pas Kuwe Presidhen kaping enem, Susilo Bambang Yudhoyono, banjur netepaké Hari Batik nganggo Keputusan Presiden (Keppres) Nomor 33 Tahun 2009. Iki diumumaké tanggal 17 November 2009 minangka wujud rasa bangga nasional.

Batik diakoni bareng karo budaya Indonesia liyané kaya wayang, keris, noken, lan tari Saman. Kabeh mau mlebu daftar Representative List of the Intangible Cultural Heritage of Humanity.

Kementerian Dalam Negeri uga ngimbau pegawai pemerintah kanggo nganggo batik pas Hari Batik Nasional. Seruan iki disampèkaké liwat Surat Edaran sing berlaku kang tingkat pusat nganti daerah.

Sejarah batik Indonesia erek kaitane karo karajaan Majapahit lan Mataram. Witané, batik mung dienggo nang keraton nggo busana keluarga kerajaan lan bangsawan.

Sakwise kuwi, batik nyebar nang masyarakat umum lan diproduksi sacara amba. Pewarna alami sing biyasa dienggo yaiku soga, mengkudu, lan lemah.

Kaya sing dikutip saking RRI.co.id edisi 02 Oct 2025 teknik batik ana werna-werna, ana batik tulis, cap, lan printing. Saben teknik nggambarna nilai seni lan kearifan lokal.

Motif batik nggambaraké filosofi lan identitas budaya saben daerah nang Indonesia. Yogyakarta, Solo, Pekalongan, lan Cirebon nduwèni motif khas sing wis kondhang.

Saiki, batik dadi bagéan saka industri kreatif lan fasion global. Batik wis digawa tekan panggung fashion dunia kaya Milan lan New York kanggo nggelet pangakuan internasional.

Peringatan Hari Batik Nasional kuwi nguwatké rasa bangga lan identitas bangsa Indonesia. Uga dadi momen kanggo njaga lan nerusaké budaya marang generasi selanjute.

Masyarakat diajak kanggo nganggo batik minangka wujud cinta marang budaya. Kanthi cara kuwe, batik bakal tetep lestari lan ngakar ing urip saben dina.

 

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

3 Komentar

  1. Downloaded the phmobaapp the other day and it’s pretty slick! Runs smoothly on my phone. Makes playing on the go super easy. Definitely recommend downloading it! Get it here: phmobaapp

  2. Recently stumbled upon phmobacasino and I’m loving it! Great selection of games and a cool layout. Feels like a legit casino experience on your phone. Worth checking out! Here’s the link: phmobacasino

  3. Heard some buzz about phmobacom. Looks like a decent spot to try your luck. Anyone else given it a go? I’m gonna check it out myself! Here’s the link if you wanna join me: phmobacom