Gandrungmangu, Cilacap – Esuk-esuk hawane esih adem nang Desa Layansari, suara pacul wis mecah sepine suasana ndesa. Nang kebonan sing ambane 60 ubin, keton Nasruloh (27), petani enom, lagi ngolah lemah nggo ditanduri. Nggo Nasruloh, kiye udu mung pegawean biasa, saben paculan kuwe, kaya dewekne agi nandur harapan nang lemah garapane.
Pas kanca-kanca sepantaran akeh sing milih lunga menyang kota nggo golet kerjaan, Dheweke kuwe kaya nantang arus. Cah enom sekang Desa Layansari Kecamatan Gandrungmangu kiye malah mutusna netep nang desa lan ndadekna tani dadi pilihan uripe.

Tani Kuwe Pilihan
Nasruloh terjun serius nang dunia tani kawit taun 2020. Sing unik, senajan wong tuwane tani, dheweke ngaku babar blas ora ana paksaan sekang wong tuane. Malah, ilmu lan seneng maring tani kuwe ulihe sekang sumber modern YouTube.
“Kiye karepku dewek, ora ana paksaan babar blas, malah siki bisa diarani dadi hobi sing nglatih sabar lan inovasi,” jare Nasrulloh karo mesem tipis pas ditekani Minggu, 26 Oktober 2025.
Siki, anak tunggal kiye lagi fokus nang komoditas sing gampang dirawat, yakuwe mentimun kambi kacang lanjaran (kacang panjang), diselingi lombok lan sayuran liyane. Mentimun dipilih soale perawatane ora angel. Senajan rega dodolane munggah-mudhun, asil panene mesthi ana turahane nggo ditabung.
Ngrobah Pandangan Meng Cah Nom-noman
Selama kiye, citra petani identik karo wong tua, raine geseng, lan kulite ireng merga kerep kenang panas srengenge. Nasruloh bisa ngilangi stigma kuwe. Dheweke katon resik lan kulite putih, kuwe merga strategine ngolah kebon mung nek esuk lan sore tok.
Senajan alat-alat tani isih sederhana, dheweke mbuktikna nek tani nang desa kuwe bisa dadi ladang rejeki sing njanjikna.
“Tani nang kampung ya kepenak, duwe wektu luang akeh, hasile ya jane lumayan,” ujare pemuda jomblo kiye.
Nasruloh babar blas ora minder. Dheweke ndadekna pegaweane dadi petani dudu mung nggo golet pangan, tapi bisa dadi bisnis njanjikna. Tekade kenceng nggo mbuktikna nek tani, bisa dadi penopang urip sing mandiri.
Harapan lan Dukungan Pemerintah
Semangate Nasruloh wis aja diragukna maning, tapi dheweke ngerti nek tani ya butuh dukungan. Dheweke ngarepna peran pemerintah nggo njaga stabilitas rega komoditas lan aweh pelatihan sing lewih akeh. Pemerintah uga kon terus sosialisasi nek tani kuwe dudu mung nggo wong tua, ning uga cah enom, kuwe bakal nguatna program ketahanan pangan nang desa.
Nasruloh ora mukur ngomong babagan pertanian, tapi uga babagan urip, nek kamakmuran kuwe ora kudu digoleki nang kota sing gemerlap. Dheweke mbuktikna, kamakmuran sejati kuwe kemampuan ngolah apa sing ditandur nang lemaeh dewek.
Pas cangkir kopi nang tangane disruput nganti gari ampase tok. Nasruloh ora kur nandur benih-benih sayuran, tapi wis nandur keyakinan nggo generasi selanjute, nek dadi tani kuwe pegawean sing kudu dipertahankan.







https://shorturl.fm/KwZu4
https://shorturl.fm/D7WkD
https://shorturl.fm/Xs7sZ
https://shorturl.fm/jPjdp