Karangreja, Cilacap – Srengenge nang akhir Oktober 2025 krasa anget nang Desa Karangreja, Kecamatan Cipari, Cilacap. Hawane adem khas perbukitan sing seger lan nyenengna nylimuti suasana balai desa. Nang njero balai desa, suara musik sing alus lan apik mulai ngisi suasana.
Desa Karangreja pancen kondhang dadi salah siji desa budaya nang Cilacap, lan pas dina Minggu (26/10) kuwe, kurang lewih ana 20 bocah lagi pada asyik latihan karawitan. Nang tengah-tengahe suara saron karo gemerincing kendang, keton Dion, bocah kelas 5 SD sing asik dolanan kendang, kayanu lagi nunjukna kepinterane.
Tangane cilik tapi lincah bisa nglairna irama sing dinamis lan semangat. Hobi nari kuda lumping (Ebeg) kaya ngalir nang saben tabuhane Dion, aweh greget (semangat) kuat nang musik sing dimainna. Nggo Dion karo kanca-kancane, latihan kiye ora mung kegiatan latian kaya biasane, tapi persiapan khusus nggo nyambut rawuhe Ira Tanti Syamsul Aulia Rachman, bojone Bupati Cilacap nang Karangreja.
Ngurangi Dolanan HP nganggo Kesenian Budaya Jawa
Inisiatif dianakna pelatihan gamelan kiye asale sekang cita-cita mulyane Wasono, Kepala Desa Karangreja, Cipari. Dheweke ngerti, tantangan paling gedhe nang jaman modern yakuwe kecanduan dolanan handphone android (HP) sing ngancam generasi enom.
“Tujuane dewek sederhana, tapi dampake gedhe, pengin ngurangi dampake kecanduan dolanan handphone android (HP) nggo bocah cilik nang jaman siki, lan sing paling penting, nandur kebudayaan maring bocahan kawit cilik,” ujare Wasono karo sorot mata sing penuh harapan.
Awalé, seperangkat gamelan nang balai desa mung dienggo wong dewasa sing seneng seni karawitan. Tapi, Wasono rumangsa aset budaya sing berharga kiye bakal sia-sia angger ora diwarisna. Dorongané tambah kenceng bar olih saran sekang Undhang Pilihadi, salah siji anggota PEPADI (Persatuan Pedalangan Indonesia) nang Cilacap. Dheweke nyaranaken ben gagean nekakna pelatih sing profesional nggo mbimbing bocah-bocah.

Nguripi Getih Seni
Desa Karangreja sing kondhang dadi desa budaya nang Cilacap, Nyambut tantangan kuwe, pihak desa akhire nekakna pelatih sekang njaba kecamatan, yakuwe sekang Desa Tegalsari Kecamatan Sidareja. Seniman multitalenta sing jenengé Danang Adi Kusumo, utawa sing kondhang nganggo jeneng panggung Danang Agus Kusumo, seliane pelatih karawitan deweke uga dadi Dalang.
Wong lanang umur 34 taun kuwe dipilih merga dianggep mampu nggawa amanah kuwe. Ndilalah, Danang kuwe uga keponakane Dalang Tejo Sidareja. Dewekne ngaku getih senine ngalir sekang simbah kakunge. Danang, sing gelem adoh-adoh teka nglatih bocah-bocah Karangreja, ndeleng potensi gedhe nang kegiatan kiye.
“Seni karawitan kudu dipopulérna, ora mung nang desa kiyé tok, nang kene potensine gede apamaning terkenal desa kebudayaan,” teges Danang.
Meh setaun mulang, Danang ngomong ora ana kendala sing angel nggo nglatih bocah-bocah Karangreja. Dheweke malah wani ngomong angger nglatih bocah-bocah kuwe malah lewih gampang tinimbang nglatih wong tua. Tandane, nek bocah-bocah duwe kemauan sing kuat nggo nyerap pelajaran lan nilai-nilai seni.
Ngrangkai Masa Depan sing Lestari
Program pelatihan karawitan kiye sajatiné luwih sekang kursus seni tok. Kiye program berkelanjutan sing dadi benteng pelestarian budaya lan kesenian Jawa.
Pas Dion cekatan nabuh gendang karo kanca-kancane nuthuk saron, kuwe ora mung ngasilna melodi sing harmonis. Bocahan kuwe lagi ngrangkai memori kolektif sing kuat, nandur akar tradisi sing kokoh nang tengah gempuran arus digital.
Kepala Desa Wasono duwe pengarep-arep, langkah kiye bakal dadi penyeimbang nggo masa depane bocah-bocah Karangreja. Harapane, kabeh bocahan tumbuh dadi generasi sing membumi lan lestari, ora mung nganggur dolanan gadget tok.
Balai desa Karangreja sing adem kuwe, siki ora mung dadi pusat pemerintahan tok, tapi uga dadi kawah candradimuka nggo para ahli waris kebudayaan Jawa nang Cilacap.






