Ngapak.net – Pengurus Cabang Nahdlatul Ulama (PCNU) Kabupaten Cilacap wis resmi ngluncurna PO. NU Trans dadi salah siji unit usahane Badan Usaha Milik Nahdlatul Ulama (BUMNU) Cilacap. Peluncuran kuwe dilakokna pas acara Kick-off Hari Santri 2025, Rebo (8/10/2025), neng Aula Gedung Pusdiklat PCNU Cilacap.
Wis ana rong unit Bus NU Trans sing kapasitasé 50 penumpang. Kiye diarep-arep dadi langkah awal nggo nguatna bidang ekonomi karo transportasi neng lingkungan NU Cilacap.
Ketua PCNU Cilacap H. Paiman Sahlan neng sambutané negesna pentingé pengetan dina Hari Santri dadi kelanjutané semangat Resolusi Jihad 22 Oktober 1945 sing dipelopori para ulama.
“Dina kiye dewek nerusna perjuangan kuwe dudu nganggo senjata, tapi nganggo karya. Salah sijiné ya liwat peluncuran NU Trans sing pan mbantu transportasi, utamané perjalanan wisata religi,” jaréne kaya sing dilansir sekang NU Online.
Dhéwéké nambahna, Nahdlatul Ulama dadi jam’iyyah diniyyah ijtimaiyyah nduwéni tanggung jawab ora mung neng bidang keagamaan, tapi uga neng pelayanan kemanusiaan karo sosial-ekonomi.
Sementara kuwe, Rais Syuriah PCNU Cilacap KH Su’ada Adzkiya ngajak kabéh warga NU nerusna perjuangan para sesepuh sing wis marisna semangat juang karo pengabdian.
“Dewek pantes syukur nemen maring nikmat kemerdekaan sing wis direwangi dipérjuangna para ulama. Saiki tugasé dewek nerusna perjuangan kuwe miturut kemampuané déwék-déwék,” tuturé.






