Asam urat kambuh merga kadar zat kie (asam urat) nang njero awak ningkat (hiperurisemia) bar kue numpuk lan mbentuk kristal landep nang persendian.
Kadar asam urat normal nang wong wadon 1,5-6,0 miligram per desiliter (mg/dL), lan 2,5-7,0 mg/dL nang wong lanang.
Kondisi kie bisa nyebabna gejala nyeri sing ora bisa ditahan, pembengkakan, karo anane rasa panas nand sekitar persendian.
Penyakit kie disebabna kelewihen purin sekang panganan sing dipangan sing nyebabna mbentuk kristal nang sendi.
Kie 5 werna panganan sing micu asam urat sing kudu diwaspadai
1. Panganan Laut
Penderita asam urat dianjurna ngindari panganan laut sing ngandung akeh purine, kaya kerang, iwak teri, sarden, iwak tuna, tiram, urang, lobster lan yuyu laut. Kelewien ngonsumsi panganan laut bisa gawe ningkatna kadar asam urat lan nggawe parah asam urat.
Nek pengin mangan panganan lauy sing akeh nutrisine tapi kandungan purine sending, ya welut laut utawa iwak gindara, bisa dadi pilihan sing pas.
2. Jeroan
Jeroan kaya ati karo ilat, duwur kandungan purine, senyawa sing nang jeroan gelem diubah nang awak dadi asam urat.
3. Daging Abang
Daging abang kaya daging sapi, babi karo wedus kuwe duwur kandungan proteine. Tapi, daging-daging kie termasuke dadi penyebab asam urate dadi duwur.
Nek pengin njaga kadar asam urat getih, Sampean bisa ngganti daging abang karo daging pitik utawa sumber protein nabati, kaya kacang dele sing ana nang tempe karo tahu.
4. Roti
Karbohidrat olahan kaya roti putih, kue garing, lan kue bisa gawe gula getieh mumbul lan ora apik go asam urat.
5. Madu
Madu ngandung fruktosa duwur, pemis alami sing ngetokna purin men buyar nang awak. Aja akeh-akeh nginum utawa mangan sing akeh fruktosa nggo ngendeg utawa ngurangi serangan asam urat.






