Tersangka Demo Rusuh nang Cilacap Nambah dadi 31, Salah Sijine sing dadi Admin Grup WA

Kemutan demo wingi nang gedung DPRD Cilacap? Seuwise diselidiki saiki tersangkane nambah dadi 31 wong.

Kapolresta Cilacap, Kombes Budi Adhy Buono njelasna, polisi mriksa saksi-saksi terus mburu pelaku demo sing rusuh nang kantor DPRD Cilacap tanggal 30 Agustus 2025.

Bacaan Lainnya

Wektu konfrensi pers nang Mapolresta Cilacap, Jum’at 19 September 2025, Kapolres njelasna, nang dina Rabu 3 September wis ngamana 19 wong. 8 wong dewasa karo 11 bocah-bocahan tanggung.

Bar diperiksa, wong-wong kuwe terus didadekna tersangka. Salah sijine wong sing dadi dalange. Cah kuwe sing dadi admin grup WhatsApp sing inisiale KD (20) wong Bantarsari.

Nang umaeh KD, polisi juga nemukna barang bukti hasil jarahan sekang kantor DPRD. Seliane kuwe, polisi juga netetna tersangka maring bocah sing gawe grup WhatsApp. Tapi, tersangka sing tesih bocah ora ditahan.

Budi njelasna, penanganan kasus bocah-bocah ngacune meng UU Sistem Peradilan Pidana Anak. Dadi, nek bocah kue ana perkara karo hukum ancamane 7 taun bisa dilakukna diversi.

Tersangka pas awal 12 wong, terus bar kuwe ana 19 wong. Dadi total sing wis ditetapna 31 wong. Sing dewasa wis ditahan, nek sing bocah-bocah kasuse dilanjut tapi ora ditahan.

 

Sumber : Anang Firmansyah -detikJateng

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *