Kunir utawa kunyit ora kur bumbu dapur tok lur, tapi Juga wis sue dinggo obat tradisional sing akeh manfangate. Kandungan utamane, yakuwe kurkumin, sing nduweni sifat antioksidan karo anti-inflamasi sing apik banget nggo awak. Kiye 5 manfangat utama kunir utawa kunyit:
1. Nglawan Peradangan
Kurkumin nang kunyit nduwe fungsi nggo anti-inflamasi alami sing bisa mbantu ngurangi nyeri sendi, radang, karo njaga kesehatan jaringan nang awak.
2. Ningkatna Daya Tahan Awak
Kandungan antioksidan sing duwur nang kunyit bisa nglawan radikal bebas, men sistem imun tubuh lewih kuat lan ora gampang mriang.
3. Nglancarna Pencernaan
Kunyit bisa mbantu ngilangna kembung, mual, lan ndandani sistem pencernaan. Minuman kunyit anget sering didadekna ramuan tradisional nggo njaga kesehatan weteng.
4. Njaga Kesehatan Hati
Kunyit kue juga dikenal nggo detoks alami sing mbantu mbersihna racun nang njero tubuh lan njaga fungsi hati tetep optimal.
5. Njaga Kecantikan Kulit
Seliane nggo kesehatan, kunyit be bisa bermanfangat nggo kecantikan. Masker kunyit bisa nyerahna kulit men berkilau, ngatasi jerawat, ngurangi minyak nang kulit, tekan ngilangna bekas luka nang kulit.




