Asa Kemandirian Desa Layansari Sekang Bebek Ontel karo Pemandangan Indah

lokasine ora adoh sekang pertelon sanding SD Sidaurip. (R. Syarief/Ngapak.net)

Gandrungmangu, Ngapak.net – Awan-awan, mlaku santai ngliwati Jalan Lingkar Selatan Selatan (JLSS) ijig-ijig mandeg merga wetenge kencot. Pas nang pertelon (pertigaan) SD Sidaurip, mataku langsung nyawang plang cilik tulisane wisata Tirta Ulam Sari.

Rasa penasaran langsung muncul, nyong ndilalah menggok (berbelok) ngetutna petunjuk arah nggo meng lokasine. Ora suwe, nyong teka. Bar markir motor, lan ora sengaja ketemu wong sing dadi pengurus desa wisata kuwe jenenge bu Siti Mukhabibah.

Bacaan Lainnya

Siti Mukhabibah ternyata anu pengurus Pokdarwis desa Layansari sing ngelola wisata Tirta Ulam Sari. Basa basi sedela ngobrol ngalor-ngidul, ternyata wisata kuwe wis diresmikna kawit tanggal 07 Juni 2025. Senajan lokasine isih rada mblesek, wisata kiye dadi asa (harapan) nggo Desa Layansari, Kecamatan Gandrungmangu men bisa dadi desa mandiri.

Desa Layansari, Kecamatan Gandrungmangu, Kabupaten Cilacap, lagi njajal mbangun cita-cita dadi desa mandiri. Ora kudu obyek wisata sing modern lan megah, tapi cukup nganggo daya tarik sederhana sing memanfaatna potensi lokal karo pemandangan desa, yakuwe wisata bebek ontel Tirta Ulam Sari nggo ndorong kemandirian desa lewat sektor pariwisata.

Destinasi wisata kuwe ternyata lokasine nang tanah bengkok/kas desa sing ambane 1,3 hektare. Lokasine strategis, gampang diambah sekang JLSS, tepate nang wilayah Bulusari, lan dikelola apik nang BUMDes Bejo Kemyangan karo Pokdarwise (Kelompok Sadar Wisata).

Siki, jere Siti Mukhabibah Tirta Ulam Sari nembe ngandelna operasional sekang bebek ontel sing jumlaeh tembe ana papat. Kuwe sing sementara dadi andalan lan daya tarik utamane. Tikete murah banget, kur Rp 10.000 wong siji, pengunjung bisa ngontel santai lan ngrasakna suasana alam ndesa.

“Nang kene, bisa olih manfaat loro. Pisan Refreshing karo ndeleng pemandangan ndesa lan kadang-kadang nek cuaca cerah pemandangan Gunung Slamet uga keton, pa maning nek sore, sunsete kaya nang laut lah pokoke, angine ya sejuk banget. Ditambah maning, ngontel bebek kuwe kan klebu olahraga ringan, dadi ulih rong manfaat” Siti Mukhabibah njelasna.

Jalan Panjang Nggo Kemandirian Pangan karo Wisata

Senajan duwe potensi pemandangan sing memukau, perjalanane Tirta Ulam Sari esih dawa. Menurut data nunjukna, wong sing teka saben dinane isih sending, mung sekitar 4-5 wong saben dina, tapi nek akhir pekan utawa dina minggu, mundhak dadi sekitar wong 10 lewih. Angka kiye dadi cerminan sekang tantangan sing paling abot.

“Sing dadi tantangan utama yakuwe kurange sarana pendukung nggo narik minat pengunjung,” jelas perwakilan Pokdarwis kuwe.

Lokasi sekitar danaune isih kurang iyub (teduh), lan sarana penunjang liyane kaya saung mangan, aula pertemuan, karo perangkat elektronik liyane durung ana nang kene.

Pengembangan area wisata kuwe kayane butuh tenaga ekstra. Pa maning karo kebutuhan pembangunan fisik infrastruktur dasar nang desa sing esih akeh, dadi alokasi dana desa terbatas nggo wisata kuwe. Nggo ngatasi, BUMDes karo Pokdarwis mutusna mbangun kerjasama, lan ngajukna bantuan maring pihak liyane.
Nanging, visine BUMDes Bejo Kemyangan karo Pokdarwise ora mandeg nang bebek ontel tok. Rencana jangka dawa wis disiapna, nggo ngintegrasikna wisata karo program Ketahanan Pangan desa.

Nang waktu erek, Tirta Ulam Sari arep mbangun keramba iwak nggo budidaya ikan nila nang tengah danau. Target keramba iwak kuwe rampung nang Februari 2026. Bar kuwe, arep disusul pembangunan saung mangan lan direncanakna rampung nang wulan Juni 2026.

“Mengarepe, kiye arep digawe dadi paket wisata edukasi. Pengunjung, utamane bocah-bocah, bisa numpak bebek ontel karo ngempani iwak nang keramba. Kiye cocok banget nggo edukasi bocah-bocah utawa refreshing wong tua,” tambahe.

Saiki, fasilitas dasar penunjang kaya toilet karo mushola wis ana nggo ngepenakna pengunjung.

Tirta Ulam Sari dadi contoh nyata kepriwe desa berjuang mujudna kemandirian lan manfaatna lahan bengkok utawa tanah kas dadi aset sing produktif. Senajan siki nembe mlaku alon-alon, semangat nggo cita-cita dadi desa mandiri lan ora nggantungna sekang dana pusat, terus digenjot. Tirta Ulam Sari nyoba mbuktikna nek wisata murah bisa dadi mesin penggerak ekonomi desa, angger dikelola sing serius.

Sewise mlaku-mlaku karo ndeleng-ndeleng nang wisata Tirta Ulam Sari lan ngobrol karo bu Siti Mukhabihah, weteng kencotku berontak, akhire mutusna nglanjutna perjalanan tapi sedurunge nggelet mie ayam disit.

Pos terkait

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

1 Komentar